Jumat, 10 Desember 2021

Suci Kuwi Dudu Bentuk


Dudu kitab suci, dudu unen-unen suci, dudu ular-ular suci, dudu warah suci, dudu pituduh suci, dudu lambang suci utawa apa wae kang dikumandangake suci.

 

Mula sapa kang marsudi utawa nggoleki suci sinangkan saka unen-unen, saka wacan suci, saka kitab suci, saka warah suci, saka pituduh suci, saka lambang suci, sayekti keliru. Satemah malah kesasar.

 

Amarga uni kuwi ora ana hubungane karo bentuk. Bentuk ora ana hubungane karo UNI. Amarga UNI dudu bentuk lan bentuk dudu UNI. Siji lan sijine duwe laku lan lungguh dewe - dewe.

 

Upamane arep ngupadi putih sinangkan saka bentuk, endi ta sing diarani putih iku? Apa ta putih iku? Sayekti tan bisa ngarani ndapuk. Yen ngaranana gamping kuwi lungguhe putih, mega kang lumaku ing nggegana kae iya putih, riaking banyu iya putih, wulune manuk kuntul iya putih. Sangsaya marsudi, sangsaya ora ke temu, sangsaya anjinggleng sangsaya kuwur, satemah bingung wegugen tengah ing marga.

 

Apa maneh marsudi utawa nggoleki lungguhe suci. Nganti jambul uwanen mangsa bisaa kacandak, lamun sinangkan saka njaba. Amarga njaba kuwi wis gelar ana. ANA kuwi gelaring angen-angen. Sapa kang ngetutake angen-angen sayekti kesasar. Amarga angen-angen kuwi owah gingsir.

 

Yen mangkono suci kuwi dudu angen-angen, dudu kang owah gingsir. Yektine suci kuwi nyata, suci kuwi langgeng. Kang langgeng iku URIP. URIP Kuasane OBAH lungguh ing RASA. Nyumrambahi sakujur badan.

 

ANANE tan bisa dikandakake, tan bisa ditularake, tan bisa diwarahake, tan bisa digambarake. Sapa kang bisa ngandakake RASA? Sapa kang bisa nggambarake RASA?. Sajagad saindenge raya ora ana kang bisa, kajaba RASA iku dewe.

Awewaton pangerten lan pangaku iku, sapa kang nganggep sakwuse maca lan ngrungokake pangrasa lan ngandakake tulisan iki pada karo wis ketemu RASA utawa SUCI, sayekti keliru keliruning keliru. Amarga tulisan, rerungon, unen-unen warah, lambang lan ular-ular iku kabeh dudu URIP, dudu RASA, dudu SUCI.

Unen-unen, ular-ular, warah, tulisan, lambang, rerungon, iku kabeh mau amung bisa ngobahake rasa pangrasa. Yakuwi lakune angen-angen lan budi. Balik RASA kuwi kudu KRASA temenan. Amarga URIP kuwi kuwasane OBAH. Lungguhe ing RASA.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Kepriye bisane krasa? Iya kudu lungguh temenan. Kepriye bisane lungguh lan dilungguhi? Iya kudu ketemu lan dilungguhake URIP temenan. Kepriye bisane ketemu URIP? Tan bisa manungsa ngupadi  URIP, lamun ora URIP dewe kang KAGUNGAN KARSA. Amarga URIP kuwi cedak tanpa senggolan. ANA nanging ORA ANA. Lenggah ing telenge RASA. Ing mangka salagine ngupadi dununge RASA wae tan bisa. Mula banjur mandek dadi kekandan suci, idam-idaman suci lan angen-angen suci para leluhur bae. Nanging mokal  banget ana kanda, ora ana kang dikandakake. Ana UNI ora ana bentuke (dudu wujud). Ana wewayangan ora ana JATINE. Amarga kanda, UNI utawa wewayangan, kuwi ana saka gelaring RASA. Awit kang kanda lan kang muni kuwi wong URIP. Mula kanda lan UNI dewe (waos : muni dewe) iku iya URIP. Sinebut rasane URIP, amarga URIP lungguh ing RASA.

Nuli ana UNI mijil, diunekake nalika tanggal 14 November 1955 dina Senen Pahing jam 18.05 ing Jawa Wetan (Surabaya).UNI mau diunekakeMIJILINGRATU ADIL. Lah apa RATU  ADIL IKU? Apa manungsa? DUDU, apa Malaikat, DUDU, apa Setan?DUDU,apa Demit? DUDU.

 

Yektine URIP. URIP kang MURBA WASESA saindenge jagad raya. Iya kang ngumpuli  kabeh  sarwa  URIP.  Sinebut  kang  anguripi  kabeh  sarwo  URIP  ing saindenge jagad raya. Iya kang sinebut MAHA SUCI iya MAHA KUWASA. Sebab lenggahe ing RASA utawa SUCI. Kuwasane OBAH.

 

Lah apa sebabe mijil ing Jawa Wetan, Jawa tegese jumenenge wahyu. Wetan tegese wiwitan. Dadi Wiwitaning jumenenge WAHAYU. Wiwit kuwi URIP. Kang wiwit kuwi URIP. Kang miwiti iku URIP.

NULI limangtahun lawase aku lunga golet UNI, anggoleti UNI, angumpulake UNI embuh ana guna paedahe, Iku dudu empaning pangesti, awit UNI kuwi dudu pangesti kang diunikake iya dudu pangesti. Iki mung jeneng bahan. Dikumpulake kareben  ana  UNI.  Kareben  diunikake  UNI.  Kareben  MUNI.  Kandane  sing ngunekake : yen UNI wis gelem MUNI harak gembleng karsane dewe.

 

 

 

 

 

 

 

 

Nuwun

 

 

Herman Pratikto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Komentar????