Minggu, 12 Desember 2021

BEDANE SESEBUTAN URIP LAN SESEBUTAN LIYA


BEDANE SESEBUTAN URIP LAN SESEBUTAN LIYA
#   SESEMBAHAN SEJATI, miturut panjenengane kuwi : URIP.
URIP kang mahananani lan kang anganani. URIP kang gawe gelar lan gulung. URIP kang murbawasesa saindenge jagad raya. URIP kang mengkoni lan kang kagungan kabeh kang kumelip ing saindenge jagad raya. URIP kang nganakake ana lan kang ora ana.

38
Putro :  Romo paring andaran, bilih ingkang murbawasesa saindenge jagad raya
punika URIP. Punapa sanes TUHAN, THIAN, GOD, HYANG WIDHI, JEHUWAH utawi sesebutan agung sanesipun ingkang sampun limprah dipun sebat-sebat manungsa ?
Romo :   Kuwi durung bener. Sesebutan, TUHAN, THIAN, GOD, HYANG WIDHI, JEHUWAH lan liya-liyane kuwi wis jeneng aran, manungsa wis bisa ngarani. Dadi manungsa wis bisa muna-muni. Nalika manungsa durung bisa muna lan muni apa wis bisa ngarani sesebutan mau kabeh ?.

Dibalekake sejarah manungsa. Sebab tembung-tembung ana lan ora ana kuwi sing nganakake ya menungsa. Rembug sesembahan iya rembuge manungsa. Sesebutan TUHAN, THIAN, GOD, HYANG WIDHI, JEHUWAH kuwi ana-iya.

39
Putro :  Aran lan ngarani punika lenggahipun ing pundi lan kadospundi ?
Romo :   Aran kuwi tembung wis ana. Dadi uwis ana gelar. Manungsa wis krasa anane. Sakwise krasa banjur ngarani. Lakunegelar - anggelarake. Balik nalika manungsa durung bisa muna lan muni, apa kang ana ? Bayi mau wis rumangsa urip, buktine yen dilarani wis ana jerit. Dadi uwis ana rasa.
40
Putro :  Kadospundi kula saged yakin menawi kula punika kagunganipun URIP, nanging sanes kagunganipun ALLAH utawi TUHAN ?
Romo :   Kabeh manungsa kang ora mati iku diarani apa ? Putro :  Manungsa Urip.
Romo :   Kenapa ora disebut manungsa ALLAH utawa manungsa TUHAN ? Sira rak yak krasa urip ta? Urip apa ora ? Krasa urip apa ora ? Rumangsa urip apa ora ? Ngrasake urip apa ora ? Ngrumangsani urip apa ora ?

Sira kuwi kowe (basa srawung kiwa tengene kuta Purworejo). Eling : - Yen jeneng kuwi nuduhake asal.

41
Putro :  URIP punika ingkang nganakaken sinten ?
Romo :   URIP kuwe ora ana sing nganakake. URIP kang nganakake samubarang ana.
Putro :  Wonten tetembungan : Aku iki URIP amarga di URIPake. Sinten ingkang
maringi gesang kula ?
Romo :   URIP. URIP iku kang nguripi lan kang nguripake Urip.

Tembene kang lagi krungu istilah URIP isih kisruh. Kita kudu bisa mbedakake ing antarane URIP individu-URIP universal-URIP ABSOLUTE. Urip cilik (aksara U tinulis gede). Urip bentuk.

42
Putro :  URIP punika punapa ?
Romo :   URIP kuwi kuwasane obah-lungguhe ing RASA. Kawicaksanane angen- angen. Dadi URIP kuwi kang ngobahake OBAH. Kang ngobahake Rasa. Kang  nguripake  angen-angen.  Kang  ngobah  ngosikake  budi  pekerti lumarap ing pancandriya.

Aja dikisruhake karo pangerten : URIP kuwi obah lan rasa. Nanging URIP kuwi kuwasane  obah-lungguhe  ing  rasa.  Dadi  mengku  karep  URIP  kuwi  kang ngobahake Urip lan kang LUNGGUH ing rasa.

43
Putro :  Wangsul bab sesebatan  TUHAN, THIAN, GOD, HYANG WIDHI,
JEHUWAH lan sanes-sanesipun wau wonten amargi manungsa urip. Manungsa urip mau tangeh lamon saged damel sesebatan ing inggil wau menawi mboten dipun osikaken URIP kiyambak. Mila kula lajeng wanton
mastani, menawi sesebatan wau wonten amargi URIP piyambak ingkang kagungan karsa. Lenggahe sesebatan wau lajeng wonten ing pundi ?. 

Romo :   Kuwi lakune URIP.

Tembung lakune URIP mbok menawa kena dak terangake : segi-segi (dimensi) URIP.

44
Putro :  Menawi  mekaten  HERUCAKRA  SEMONO  punika  inggih  lampahipun
URIP.
Romo :   Bener. HERUCAKRA SEMONO kuwi purbawasesa URIP. Asal-usule ana gelar  lan  gulung.  Kang  ana  lan  ora  ana.  Kang  mengku  lan  kang mengkoni.

Yen  dihubungake  karo  keterangan  iki  lewih  cetha,  yen  jeneng-jeneng  mau (sesebutan-sesebutan) aktivitas (segi-segi-dimensi-dimensi) URIP dewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Komentar????