Kamis, 30 Desember 2021

LAKU LAN LUNGGUHE” PANGOLAH LAN PANGRENGGA

”LAKU LAN LUNGGUHE”
PANGOLAH LAN PANGRENGGA

Sabda :  Pangolahira MIJIL. Pangrengganira cegah dahar lawan guling. Aja cawe- cawe. Eling marang KUNCI. Waspada ing sembarang tumindak. Surti ngati-ngati.  Gemi  nastiti.  Idep-Madhep-Mantep.  Tata-Titi-Titis.  Jujur, Temen temenan.

Tumindake raga : Sabar-Narima-Iklas kanti ngalah-Welas lan Asih.
Iki dudu Agama. Iki dudu Kebatinan. Iki dudu Partai. Iki dudu Golongan. Iki dudu Organisasi.
Iki Merdeka. Tegese Marsudi kahanane dewe.
105
Putro : Pangolah punika punapa ?
Romo : Dirasakake. Dadi laku mlebu.
105
Putro : Pangolah punika punapa sami kaiyan tembung Angolah ?
Romo : Beda. Angolah tegese njupuk bumbu saka njaba. Pangolah kuwi njupuk bumbu saka kahanane dewe. Dadi pangolah ora kecampuran bahan saka njaba. Mula pangolah kuwi laku mlebu.

Pangolah iku : Anut-miturut rasa-obahe dewe. Rasa lan obah kuwi anane mung tentrem.
107
Putro : Lampahipun kados pundi ?
Romo : Ngrasakake. Dirasak-rasakake dewe.
108
Putro : Pangolahira MIJIl. Miturut pangandika, MIJIL punika tegesipun Miji ?
Romo : Bener. Miji kuwi tegese laku nggembleng. Nggembleng karo URIP. URIP kuwi tentrem-tentreming tentrem. Dadi tegese pangolahira MIJIL. Kuwi laku tentrem.
109
Putro :  Dados laku MIJIL punika laku tentrem. Patrapipun MIJIl kados  pundi ? Romo :  Jeneng sira Mijila. Panjenengan Ingsun kagungan karsa…(Kari sakersa
ne) . Yen tumrap raga : Panjenengan Ingsun kagungan karsa, raganira arsa …….. kari (Kari sakersane).
Putro : Lampah lan lenggahipun MIJIL wau punapa ? 
Romo : Pamit. Tegese pamit marang URIPE.

Tegese banjur ngakoni, yen kabeh mau INGSUN Dewe. Dadi Si Aku disinaoni mangerteni  lan  ngakoni-yen  sing  andalang  iku  INGSUN  Dewe.  Panjenengan Ingsun   kang   kagungan   karsa.   INGSUN   kang   ngobahake.   INGSUN   kang ngosikake. INGSUN kang nglahirake jeneng Sira. Cekake Raga muna-muni, obah lan polah amarga INGSUN kang kagungan karsa. Iki lungguhe jati. Dene tumrap lakune raga-ateges pamit.

110
Putro : Mijil wau lenggahipun wonten ing pundi ?
Romo : Ana ing rasa. Kabeh gelar lan gulung kuwi lungguhe ing Rasa
111
Putro  : Midjil wau piyambak punopo boten ateges gelar?
Romo  : Mijil kuwi gelar lan gulung. Gelare krasa rumangsa-angrasakake. Gulunge tentrem. Dadi obah lan rasa.
112
Putro : Pangrengganira cegah dahar lawan guling. Pangrengga punika  punapa ? 
Romo : Pangrengga kuwi saka tembung rengga. Dijaga. Diugemi. Dirumat. Diapik-
apik.   Saumpama   pangilon   digosok   saben   dina,   kereben   bening, saumpama pip

a digosok saben dina karepen mengkilap.


113
Putro : Cegah dahar  lawan guling punika punapa ateges ngirangi neda sarta
ngirangi tilem ?
Romo : Ora. Malah kudu dahar sing akeh, sare kang kepenak. Tegese dahar lan sare kuwi, angurangi ubale pancadriya. Angurangi : Angen-angene mripat, kuping,  irung  lan  cangkem,  murih  apa ?  Murih  tentrem.  Amarga pancadriya kuwi marakake ora tentrem.

Dadi  ora  ngarani.  Satemah  seleh  lan  banjur  tentrem.  Nyirep  pakerti  kang angambra-ambra. ”Tegese marsudi dadi wadahe tentrem.
114
Putro : Dados mboten ateges pasa ?
Romo : Ora, pasa kuwi malah mbuktekake yen esih gedhe angen-angene. Ateges ora narimakake kahanane.

2 komentar:

Ada Komentar????