Selasa, 21 Desember 2021

SATRIYA LAN ENDANG



SATRIYA LAN ENDANG
90
Putro : Satriya punika punapa ?
Romo : Saka tembung Sat=enem. Tri=telu. Ya=banyu.
1.  Kuping
2.  Mripat
3.  Irung
4.  Cangkem
5.  Wadi
6.  Dubur
Iki kang enem
Kang telu :
1.  Ati
2.  Jantung
3.  Maras
Asale dumadine kabeh mau saka banyu. Apa manungsa iki kabeh ora dumadi saka banyu Urip ? Banyune Bapa lan ibu.

Dadi bahan cetakan, minangka wadahe URIP tumrap laku eling. Durung duwe angen-angen, durung duwe budi, durung duwe pekerti, durung duwe laku, durung duwe Obah lan Rasa. Mangka yen URIP wis lungguh lagi ana Obah lan Rasa. Tegese URIP wis kumpul (ngumpul-ngumpuli). Yen digandengake keterangan ing nduwur banjur dadi cetha. Satriya iku palungguhan, Sejati iku kang nglungguhi. Sejati kuwi URIP. Yen tembung sejatine lungguhe.
91
Putro : Endang punika punapa ?
Romo : Endahe-Endahe dumadi. Utawa saka tembung kinendangake. Apa ora nyata banyune Bapa-Babu kinendangake banjur dadi ana. Yen ing babad sinebutake Gusti Amat kinendangake saka Ngayogyakarta.
92
Putro : Manawi makaten Satria lan Endang Punika sanes tenger kangge adage
jaler lan estri.
Romo : Dudu. URIP kuwi dudu lanang utawa wadon. Ora Lanang Ora Wadon. Dadi Satria Endang kuwi yen diwaca Urip kinendangake saka gua garba.
93
 Putro : Satriya lan Endang punika punapa ?
Romo : Urip. Putro.
Putro : Putro punika punapa ?
Romo : Putro tegese : Kang nglimputi jagat raya. Apa dudu Urip.

Lungguhe ing pribadi-Putro kuwi Hananira. Yen ing jati Putro kuwi lakune URIP (kang ngiseni Ana).
94
Putro : Manawi Romo ?
Romo : Genah kang mijilake Putro. Dadi URIP Mahanani-Anganani Urip. ANA Mahanani-Anganani Ana. Utawa : Kabeh mau yen dimanunggalake kuwi ROMO.
95
Putro : URIP punika punapa ta ? 
Romo : ANA-ANA-ANA
ORA ANA-ANA-ORA ANA ANA-ORA ANA-ANA

Banjur krasa dadi ruwet. Supaya krasa lungguh, becik dijarwani mangkene : URIP kuwi banyu. ROMO kuwi bibite. Kumpule banyu lan bibite diarani Mani (wijine Ana). Ana kuwi Putro (lakune).

96
Putro : Bedanipun Satriya/Endang kalian Putro kados pundi ?
Romo : Laku lan lungguhe. Iki bedane Satriya lan Endang. Yen Putro : Gelar gulunge.

Dadi gelar gulunge pada, amarga loro-lorone pada. Yen dioyak gelar gulunge sapa lan apa ?. Wangsulane : Gelar Gulunge URIP.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Komentar????