Minggu, 19 Desember 2021

LUNGGUHE KUNCI



LUNGGUHE KUNCI

74
Putro : KUNCI lenggah ing pundi ? 
Romo : Ing RASA

KUNCI lungguh ing RASA. KUNCI kuwi URIP. URIP kuwi, kuwasane obah ing RASA.  URIP  ing  kene  mengku  karep  dudu  urip  wis  bentuk (tegese  uripe manungsa utawa urip wis gelar ana). Yen urip wis gelar ana kuwi URIP wis kumpul (sinebut kumpule). URIP kang durung kumpul kuwi yen digambarake, awujud banyu tumrap urip wis bentuk. Gamblange URIP (aksara gede ing kene) ateges : URIP Absolute. Uga RASA (aksara gede) ateges : RASA Absolute.

75
Putro : Lenggahipun KUNCI wonten ing pundi ?
Romo : Sabdane ROMO.

Lungguhe KUNCI ing sabdane ROMO. Yen mengkono ROMO kuwi sapa ? Supaya gamblang kudu dilungguhake ing rasa raga. Sanepane : URIP (utawa KUNCI) kuwi banyu (durung kama utawa sperma/hormone). ROMO kuwi Roh lan Kama (bibit). Dadi URIP kuwi Banyu. ROMO kuwi Bibite.

76
Putro : Gusti ingkang Maha Suci
Kula nyuwun pangapura dumateng Gusti ingkang Maha Suci
Kok wonten ungel-ungelan Gusti ingkang Maha Suci ngantos kaping kalih ? Punapa wonten bedanipun ?
Romo : Loro nanging siji. Pambuka lan panutup. Laku lan lungguh.
 
Gusti ingkang Maha Suci (kang sepisan) kuwi Maha Kuawasa. Dadi OBAHE. Gusti ingkang Maha Suci (kang kapindo) iku Maha Suci. Dadi RASANE. OBAH lan RASA kuwi lungguhe URIP.

77
Putro : Sinten ingkang mungel : Kula nyuwun pangapura ? Romo : SIR-DAT-SIPAT.
78
Putro : Sirolah-Datolah-Sipatolah punika punapa ? Romo : SIR kuwi obahe utawa lakune.
DAT kuwi gemblenge, tetepe utawa lungguhe SIPAT kuwi gelare utawa dumadine.
79
PUTRO:Punika SIR-DAT-SIPATipun sinten ? 
Romo : URIP.
80
Putro : Ing nginggil kasebataken bilih ingkang mungel : Kula nyuwun pangapura
dumateng ………… punika SIR-DAT-SIPAT. Punapa bedanipun kalian Sirolah-Datolah-Sipatolah ?
Romo : Sirolah Datolah Sipatolah kuwi lakune (obahe, polahe). Dadi lakune SIR- DAT-SIPAT.
SIR-DAT-SIPATe URIP (RASA). Dadi nalika URIP arep kumpul. Sinebutake URIP arsa gelar. 

 Yen digandengake karo pitakonan ing nduwur banjur krasa cetha. Iya wis  dilungguhake.  Mung  perlu  dipengetake  yen  SIR-DAT-SIPAT  kuwi  beda lungguhe karo Sirolah Datolah Sipatolah. Tembung olah ing kene mengku teges polah. Tegese wis laku.


81
Putro : Kula sejatine Satria/Wanita, punika punapa ? Romo : Rasa-Obah.
82
Putro : Nyuwun wicaksana Nyuwun panguwasa.
Romo : Kula kuwi anane laku. Wicaksana lakune berbudi. Panguwasa lakune Bawa-Laksana.

Rasa-Obah (ora aksara gede). URIP  wis kumpul. Wadahe URIP mau Rasa lan Obah. Tembung Sejati kuwi lungguhe. Ora bisa den sipati. Sebab Rasa. Mula beda banget antarane tembung Sejatine Satriya karo Satriya. Satriya kuwi busana. Wis prabot. Balik Sejatine Satriya kuwi lakune URIP. Kumpule URIP. Rasane URIP. Luwih cetha lan ringkes mangkene : Sejatine Satriya lungguhe ing Rasa. Satriya lungguhe ing budi pekerti.
Wicaksana kuwi Wiwit arep kumpul. Panguwasa iku Kumpule. Lumarape ing budi pekerti (lungguhe) Berbudi Bawa Leksana.

83
Putro : Sinten ingkang nyuwun ? Romo : Rasa-Obah.
84
Putro : Kangge tumindake Satriya/Wanita Sejati. Romo : Bener. Kuwi Obah lan Rasa.
85
Putro : Sejatine Satriya/Wanita lan Satriya/Wanita Sejati punika punapa ? 
Romo : Rasa-Obah+Obah-Rasa
Rasa Obah-Obahe Rasa Rasa Karsa-Karsa Rasa
Wadah lan isine. Isine lan Wadahe.

Yen Sejatine Satriya/Wanita mau Rasa lan Obah. Balik tumindake Satriya/Wanita Sejati Obah lan Rasa. Lungguhe nyata beda. Rasa lan Obah kuwi sipat (pasip). Obah lan Rasa kuwi cethane yen ditambahi e (huruf e). Banjur moni Obahe Rasa (sipat aktip). Ringkese : Rasa Karsa kuwi Rasa lan Obah. Karsa Rasa kuwi Obah lan Rasa.

86
Putro : Kula nyuwun kangge anyirnakake tumindak ingkang luput. Anyirnakake
tumindakipun sinten ?
Romo : Nyirnakake tumindake dewe kang luput.

Iki laku arep tumuju marang tentrem (teknis). Sapa kang gelem ngakoni-ndumuk-jujur (tembunge anyirnakake) tumindake dewe kang luput, lan kang arep luput, Rasa lan Obah kang arep mahanani tumindak luput bakal sirna. Satemah tentrem. Mangka tentrem kuwi palenggahane URIP.

87
Putro : Nuwun nuwun sewu. Menawi kula waos saklebatan, ungelipun KUNCI
teka kumingsun. Punapa leres ?
Romo : Bener. Mula wacanen.

Kuwi dudu wacan kanggo raga. Kuwi janjine Urip marang URIP. Kuwi janjine Rasa marang RASA. Saguh dadi Satriya Sejati/Wanita Sejati-Sejatine Satriya/Wanita kanggo anyirnakake tumindake dewe kang luput. Mula Sapa kang temen-temen bisa maca KUNCI yekti dadi manungsa kang eling temenan.
Karsane tembung wacanen kuwi yen disalin mawa basa Indonesia dadi cetha. Wacanen utawa Bacalah. Dadi dudu Membaca. Yen Maca (membaca) mung entuk bentuk (bentuk aksara-bentuk pangerten-bentuk suwara). Balik tembung wacanen (bacalah) bakal entuk Rasa.
Mula para nimpuna kang wis lepas ing budi bisa paring warah, yen kabeh ana iki bisa kanda lan tutur (Mega, Angin, Bumi, Banyu, Geni, Hawa, lan sapiturute). Yen macane mung mawa prabot pancadriya, budi pekerti, angen-angen wis mesti wae ya mung entuk bentuk. Apa PUTRO bisa ?. Bisa. Sebab wis darbe KUNCI. Lan lakune raga wis resik temenan miturut angger-angger, unen-unen KUNCI kang wis diparingake. Nanging perlu dipelingke, yen KUNCI kuwi ora ateges tumuju marang bisa maca kabeh gelar ana mau.

88
Putro : Dados  gamblangipun  ingkang  nyuwun  wicaksana,  panguwasa  sarta
kangge anyinarkake tumindak ingkang luput mau temenipun Urip Kula ?. 
Romo : Bener. Mula samengka banjur ana tetembungan : URIP nagih janji. URIP nagih janji Urip. Manungsa kang durung eling-kang ora gelem eling, bakal lebur tanpa dadi. Tegese manungsa kang durung duwe gondelan KUNCI.

89
Putro : Tumindake dewe punika angliputi punapa kemawon ? 
Romo : Angen-angen-budi pekerti-pancandriya.

Putro : Punapa saged manungsa ngemohi angen-angen ? Sebab manungsa
melek punika sampun lampahipun angen-angen.
Romo : Mula  dawuhe  Romo  ora  ngilangake  angen-angen  nanging  nyegah. Tembung nyegah ateges anipisake.

Sebabe apa? Amarga anyidrani. Sing nyidrani Rasa angen-angen-budi pekerti-pancadriya. Nalika arep budi. Umpamane : Raga dituduhi Lombok warnane abang. Barang dipangan rasane ora abang. Raga dituduhi papan-papan suci. Mangka suci kuwi URIP, dadi dudu papan. Cekake sarwa ana kuwi mblenjani karo nalika arep ana. URIP kuwi ora bentuk, ora wujud lan ora kena disipati. Nanging raga diajak percaya marang tulisan, aksara, unen-unen lan warah sing diwartatkake suci.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Komentar????