Kamis, 30 Desember 2021

ASMA SATRIYA LAN ENDANG

ASMA SATRIYA LAN ENDANG
97
Putro : Kula sampun kaparingan pangertosan menawi ASMA punika tegesipun
kagem mengeti ASALE. Gelar Ana. Sapunika kepareng kula nyuwun priksa : ASMA ingkang kaparingaken dateng Putro punika punapa ? 

Romo :
1.  Kuwi URIP
2.  Kuwi ASMANE URIP
3.  Kuwi LAKUNE URIP
4.  Kuwi GELAR GULUNGE URIP
5.  Kuwi LUNGGUHE URIP.

Uga kasebut RIJAL. Tegese JUMENENGE ROH SUCI utawa JUMENENGE RASA LUHUR LUHURING LUHUR (rasa luhur-luhuring-luhur kuwi URIP). Penget : Dudu RIJAL kang dikandakake nyuwara ana ing tengahe ara-ara utawa ing nduwur kurungan.

98
Putro : ASMA  ingkang  kaparingaken  dateng  Putro,  punapa  mboten  wonten
ingkang sami ?
Romo : Tan bisa. Awit URIP DEWE kang maringi.99
Putro : ASMA wau asalipun saking pundi ?
 Romo : Saka URIP.
100
Putro : Romo menawi maringi ASMA mundut saking pundi ?
Romo : Dipundut  saka  CUNDAMANI.  Tegese  sing  nyimpen  ing  wadah  kang durung ginelar. Lungguhe ing pangerten raga, dijupuk saka wadahe mani. Dadi nalika wiji durung gelar (Roh Suci).

101
Putro : Punapa manungsa saged maringi ASMA ?
Romo : Yen manungsa mung bisa maringi jeneng minangka tenger.
102
Putro : Jeneng wau asalipun saking pundi ?
Romo : Gelare URIP. Dadi URIP wis laku. Dadi bedane : ASMA saka URIP kang durung laku. Amarga esih ana ing CUNDAMANI. Mula ASMA iku disebut bahan. Bahane URIP arep gelar.

Banjur krasa cetha yen lagi ngadepi manungsa jeneng Semono. Cetha ing kene, yen kang maringi ASMA kuwi dudu Raga. Mula : Aja nyawang raga, yen ragane pada. Nanging Sabdane. Ular-ular iki kudu dilungguhake disit sing nganti krasa trep, supaya ora korup-ora kisruh.

103
Putro : Nuwun-Nuwun sewu kapareng kula matur cumantaka. Saumpami wonten
tiyang sampun saged mijil, punapa wonten bedanipun kalian mijiling Putro. 
Romo : Beda. Siji ora duwe ASMA, kang siji wis kagungan ASMA

104
. Putro : Menawi makaten MIJIL kaliyan ASMA punika punapa beda ?
Romo : Beda.   Bedane   kang   durung   kagungan   ASMA,   durung   kagung

an KUWASA. Lungguhe 
               kang durung duwe ASMA ana ing gelar. Kang wis kagungan ASMA lungguhe ing KUWASA.

MIJIL kuwi laku. ASMA kuwi lungguhe (sejatine utawa kuwasane). Tumprap Putro mula esih kudu/gumantung pangolah pangrenggane. Luwih gamblang maneh yen dilungguhake mangkene : MIJIL-Wadah. ASMA-Isi. PANGOLAH PANGRENGGA-Ngiseni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Komentar????