LUNGGUHE
RATU ADIL - GUSTI AMAT YESUS LAN LIYA-LIYANE
29
Putro : Herucakra Semono sinebatake ing buku jangka jayabaya : Ratu adil kang
mijil saka alas ketangga.
Romo : Bener. Ratu adil. Ratu kuwi dudu mnungsa ta ? Ratu kuwi aran. Tegese rasa : rasa tumata utawa tumatane rasa. Adil tegese lakune rasa. Rasa - krasa - rumangsa - ngrasakake ing sekujur badan. Dadi Ratu Adil kuwi tegese rasa tumata ing sekujur badan. Yakuwi URIP.
Putro : Mijil saka alas ketangga ?
Romo : Ketangga tegese keteg ing angga. Apa ora nyata. Ya ing keteg kuwi kumpule kabeh
rasa. Keteg kuwi kang murbawasesa uripe manungsa. Buktine : senajan Nabi, manungsa sekti mandraguna, lamun tininggal ketege sayekti banjur mati.
Putro : Nanging ugi sinebatakae alas ketangga Madiun.
Romo : Madiun saka tembung Madi. Lakune Mani. Jangkepe : Mani - Madi - Wadi - Manikem. Mula sinebutake mijil saka alas ketangga Madiun, tegese asale rasa apa ora saka Madi ?
30
Putro : Menawi mekaten tembung Mad - Madi, punapa mboten sami kalian Mat-
Amat ?
Romo : Bener. Gusti Amat. Gusti kuwi sesebutan utawa bentuk. Amat ya Mat. Mat kuwi rasa. Mating rasa tegese telenge rasa. Apa telenge rasa ora kang ana keteg ? yakuwi URIP.
Mani - Mad - Wadi - Manikem kuwi lakune mani mijil. Tegese lakune rasa (evolusi rasa). Mat tegese laku kang wis muncak. Rasa mat banget, krasa rasa memuncak.
31
Putro : Punapa URIP punika keteg ?
Romo : Ora. Nanging kang ana ing keteg. Tegese kang ngobahake. URIP kuwi kuwasane obah. Lungguhe ing rasa. Kawicaksanane angen-angen. Tegese : kang ngobahake obah. Kang lungguh ing rasa.
Putro : Sering kula mireng tetembungan IMAM MAHDI. IMAM MAHDI punika
tiyang ?
Romo : IMAM MAHDI kuwi aran, nama utawa jeneng. Dudu manungsa tegese IMAM MAHDI isine MANI-MADI. Apa ora urip. Pada karo tetembungan MADI-YUN. Yun saka tembung KAYUN tegese urip. Pada karo tetembungan Gu
35
Putro : Menawi Hyang Wisnu manjanma sakwise jaman kaliyuga lenggahipun
wonten ing pundi ?
Romo : Hyang saka tembung Sang, tegese gesang. Wisnu tegese wis nunggal.
Ing nduwur iku conto pengerten luwih gamblang. Cetha banget pisahe jeneng lan bentuk. Diterangake yen jeneng kuwi lakune URIP dewe.
36
Putro : Kula nate maos babad Sabdapalon ing serat DARMA GANDUL ungelipun
mekaten ; ”Besuk yen ana manungsa JAWA jenenge tuwa dewe, kuwi kang den dereki.” Punika wuwusipun Sabdopalon dateng Prabu Brawijaya. Jenenge tuwa dewe punika kajenganipun punapa lan sinten ?
Romo : JENENG TUWA DEWE kuwi kabeh jeneng. Apa ana manungsa kang rumangsa menehi umur jeneng ? Sapa ta jenenge tuwa dewe ? URIP. Urip kuwi tuwa dewe. Awit jeneng kuwi lakune URIP.
Pada karo tembung srekalan : godong sejagat sing amba dewe godong apa ? Mesti wangsulane Kabeh godong. Semono kuwi jeneng kang tuwa dewe yen ditandingake sekabehe jeneng. Mula nyata. Conto ”Dek tahun siji Masehi aku wis lahir,” Diunggahi ; ”0 (duk) Semono wis duwe buyut. Krasa yen tembung semono. Kuwi ora bisa diunggahi maneh.
37
Putro : Kula mireng ular-ularipun kaum theosopi, bilih jagad ing mbenjing bade
Romo : Kuwi bener. Semanu iyo Semono. Semanu tegese rasane manu. Manu kuwi URIP.
Manu utawa Mana yen ing kawruh antropologi tegese tenaga hidup. Mono tegese siji utawa Esa. Sesembahan tunggal sinebut Monotheisme.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Ada Komentar????