Jumat, 10 Desember 2021

Ratu Adil

KANG NYUMURUPI LAN KANG  NGONANGI

 

6.  Ana insinyur praktek bagian elektro saka Pasuruan kang pinuju Surabaya Jenenge Sumantri. Nalika iku agi nglakoni tapa brata nritis 100 dina. Bengi kuwi weruh ana kreta kencana murub mubyur melesat ing angkasa. Sing nunggangi SEMONO, nalika kuwi durung tau tepung karo jeneng Semono. Sakwise ketemu lagi bisa ngarani priyayi sing nunggang kereta kencana mau Semono. Deweke banjur nglacak, satemah bisa ketemu klawan raga SEMONO.

Garwane SEMONO kang timur, nalika kuwi lagi nglakoni ngebleng 28 dina (pasa ngebleng ora mangan ora turu). Nanging Tumirin nalika kuwi  ora laku ngebleng wutuh. Isih ngrokok lan ngombe). Weruh ana cahya Sumorot lumaku saka kidul kulon mengalor wetan. Cahya mau banjur nggumolong bunder gedhene ngluwihi krambil. Nuli ambyar kaping telu.Tukang - tukang becak kang kumliwer ing sakiwa tengene dalan Perak Barat 93 Surabaya. Weruh daleme pak Semono Kobar Mangalad-alad kinira kobong sarta krungu suara Pambekere lan kridane kuda galudagan.

 

Gerombolan  priya  wadon  ing  sangarepe  gedhung  wayang  wong  Kapasari Surabaya, weruh cahya sumorot kinira ndaru. Malah ana kang ngira lakune Brajateluh nyebar penyakit. Para ngatapa kang lagi mesu budhi ing salengkehe gunung Raung, Wilis sarta kang lagi manekung ing papan sepi entuk wisik lamun Kang Murbeng URIP wis mijil. SEMONO kang Murba Wasesa saindenge jagad raya. Para ngatapa mau pada sowan.

Sekertaris Jenderal Theosophi Sejagad ing Australia, kang teka ing Yogyakarta tahun 1958 aweh warta, weruh kepulauan Indonesia Sumorot Mubyar jam 23.00wektu Australia, kaya sinare srengenge angslup.

 

 

 

 

                      

GOLEK SISI MELIK

7.

BANJUR WIWIT ANA PITAKONAN - PITAKONAN :

1.   Apa iki kang diarani gelare  RATU ADIL kang MIJIL saka alas ketangga         miturut unine ular-ular ing buku Jangka Jayabaya?

2.   Apa iki kang sinebut sebut rawuhe IMAM MAHDI miturut para umat Islam?

3.   Apa iki sifat kelahiran sang MESSIAS kang dikumandangake umat Kristen    bakal rawuh maneh ngarepake jagad arep kiamat?

4.   Apa iki sifat sang Budha Gautama kang arsa  manjanma maneh ing jagad raya Sesilih Sang Budha Maestroya?

5.   Apa iki panjanmane Hyang Wisnu kang Pungkasan sinebut Kali Avatara    sakwise jaman Kaliyuga, awit ngregem Darma Arsa nglebur kabeh tumindak       angkara, nuli anggelar jagad anyar kang kebak karahayon sarta katentreman?

6.   Apa iki  timbule Gusti Amat (Gusti Sura ing Ngalaga) kang kinendangake            dening Pemerintah Walanda  saka Ngayogyakarta menyang Manado?

7.   Apa iki timbule momongane Sabdapalon miturut babad Sabdapalon kang       Ciniren lamun panjebluge gunung Merapi,  lamun wis ngetokake lahar miline ngidul ngulon?

8.   Apa iki timbule Samanu miturut warah Theosophi? (Samanu saka tembung             MANA utawa MONO)

9.   Yen ginambarake ing sastra      : pating bilulung lakune janma kang padha

nggoleki sisi melik. Kabeh ular-ular mau ing tembe bakal tinemu lungguhe dewe-dewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Komentar????