Sabtu, 11 Desember 2021

PAEDAHE PERMATI ING TEMBUNG

PAEDAHE PERMATI ING TEMBUNG

16
Putro :  Dados Semono punika Jeneng Panjenengan.

Romo :   He-eh. S titik Mono. S titik yen timulis nganggo aksara Jawa-Sa dipepet.
             Yenditulis nganggo aksara latin S.MONO.

Putro :  Kula  mireng  wonten  ingkang  nyebat  Semono,Samana,malah  wonten
Ingkang nyebat Sumono. Punapa kepareng ?.

Romo :   Kena bae. Mung lenggahe banjur bedha.
 
Putro :  Bedanipun wonten ing pundi ?

Romo :   Nyata bedha. Yen Se genah Sa dipepet. Yen Su genah Sa disuku. (Aksara Jawa).

17
Putro :  Punapa  lenggahipun  bedha  ing  antawisipun  Sa  dipepet  kaliyan  Sa
disuku?

Romo :   Pepet  kuwi  pangertene  rasa  disengker.  Winadi,  pinayungan  utawa Sejatine.  Yen  Suku  tegese  laku.  Nglegena  duwe  pangerten  sastra Sawantah.

Putro :  Manawi makaten Se- - Mono punika kateges Sejatine Mono ?.

Romo :   Kuwi kari sakresane olehe mangerteni. Lungguhe sing bener aja Mung nanggapi bleger bae. Yen ragane padha.

Aja mung nanggapi bleger wae. Yen ragane padha. Iki mengko karep misahake
Wujud lan jeneng. Misahake bleger manungsa lan sabdane. Gamblange, Semono kuwi dudu raga kang katon dinulu. Semono kuwi jeneng. Jeneng kuwi ora katon (Abstrak). kang katon iku arane : manungso.

18
Putro  : Asalipun tembung puniko saking pundi?
Romo  : Kabeh tembung - aran- jeneng lan muna muni iku asale saka rasa. Mula yen goleki lungguhe, kudu digulung. Ateges mbalekake asale
Putro :  Punapa Ta paedahipun permati ing tembung basa ?
Romo :   Iki pangerten ngungak ungak jatine. Amarga tembung mau nuduhake asale ana ( UNI ). Dumadi saka rasa arsa gelar.
Putro :  Nanging sarehne pangerten punika pinanggihipun amargi saking tapsir,
Punapa malah mboten badhe kalorop ing pangotak atik ?
Romo :   Bener. Mula gulunge. Aja gelare. Yen nggelar kuwi tapsir. Kabeh aran lan jeneng sing ngarani wong urip. Asale saka rasa. Mula yen nglungguhake kudhu dibalekake asale.
 Tembung dibalekake kuwi Gulunge.

Dadi tembung-embung jeneng-jeneng, aran-aran lan sapanunggalane kuwi asale saka
 wong urip. Tegese URIP dewe sing ngarani (maringi sebutan, jeneng, aran lan liya-
liyane) Mula yen arep nggoleti lungguhe kudu dibalekake asale (digulung). Asale saka
 wong urip dadi iya kudu dibalekake marang wong urip. Umpamane tembung 
MONO. Endi ta lungguhe MONO ing raga ? MONO iku tegese siji-tunggal. 
Apa sing tunggal lan raga iku URIP. Dadi MONO iku URIP. Iya iku kang 
murbawasesa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Komentar????