Jumat, 10 Desember 2021

ASMA - JENENG - NAMA - ARAN

ASMA - JENENG - NAMA - ARAN

#  WAWAN  SABDA  tahun  1961,  kawiwitan  nalika  ketemu  panjenengane  ing daleme kadang Suwarsa Kartadinata jalan Bintara 68 Blok Q IV Kebayoran Baru. dina Selasa Kliwon tanggal 3 - 4 April 1961 wiwit jam 23.00 -05.05. Banjur kasambung  ing  desa  Sejiwan  Purworejo,  nalika  aku  tunggal  saomah  karo panjenengane. Panjenengane lenggah ing sentong wetan, aku ing sentong kulon. Kang duwe bale pomah Ibu timur Tumirin. 


8.Putro Panjenengan punika sinten? :  Romo :   Gumantung kang ngarani.

Putro :   Punapa sami kaliyan kula, kanca kanca, kadhang-kadhang kula sarta

para Ingkang sowan?

 

Romo :   Pada.  Coba tamatna!  Irungku iya mung siji, Mripatku iya mung loro,

Kupingku iya mung loro, Cangkemku iya mung siji. Apa ana kang beda miturut Pandulumu, nganti mijil pitakonan mangkono?

Dadi ragane Semono kuwi pada. Ora ana bedane karo manungsa urip liyane.Dene kang marakake beda kuwi sabdane. Sabdane SEMONO.Dudu sabdane raga (waca : dudu sabdane pak Semono). SEMONO tegese Sejatine MONO. MONO tegese ESA. Dadi tembung sabdane MONO kuwi tegese sabdane ESA. Mula ora ana manungsa liyane kang wis tahu urip lan kang urip sarta kang bakal urip, bisa ngembari. Awit kabeh ana lan kang ora ana iki kabeh kawengku lan diwengku dening MONO (duweke MONO).

9

Putro :  Kapareng kula nyuwun priksa asma panjenengan?


   

 

Romo :   Yen aran : iki manungsa urip:  

   Yen nama   aku iki pak Semono

Yen jeneng   :Semono.

 Yen asma    : Herucakra.

Panjenengan Ingsun   :Herucakra Semono.



Bedane Asma - jeneng - Nama - Aran iki tumrap aku dadi pangerten anyar. Maune daksengguh pada (synonym). Mula kagem peling para Putro, yen pinuju lenggah sowan Romo sing ati-ati migunakake tembung. Sebab tumrap Romo, kabeh tembung kuwi ana lungguhe dewe dewe.


10.

Putro :  Punapa wonten bedanipun  ing antawisipun Asma, Jeneng,  Nama Aran? Romo :   Kabeh tembung kudu ana-anane. Kudu krasa ana. Kudu ana wujude.

Kudu nyata.

                              11.

Putro :   Asma punika lenggahipun punapa ?

Romo :   Asma  kuwi tegese Asale Manunggal. Dadi Asale Gelar Ana (Sir).

*Asma saka tembung As lan Ma.*

12.

Putro :  Jeneng kaliyan Nama bedanipun lenggah ing pundi ?.

Romo :  Jeneng  kuwi  jumenenge,lungguhe  dat.  Nama  kuwi  nunggale  mani. Tegese gelare wis ana. Lungguhe sipat. Dadi wadahe Sir lan Dat. Utawa Sir - Dat. Manunggal sipat.

Mungguh  gamblange  pangerten  Asma  tekan  Nama  kuwi  mengkene :  Sir Manunggal Dat, Sir--Dat, Manunggal Sipat dadi Nama. Dadi Liput Linipudan. Mula gelare pangerten njaba karan (Synoniem). Mung wae lungguhe beda. Dadi padha nanging iya ora padha.



13

Putro :  Sir punika punapa ? Dat punika punapa ? Sipat punika punapa ?

Romo :   Sir kuwi obahe utawa kuasane URIP. Dat lungguhe URIP, gemblenge tetepe. Sipat kuwi gelare URIP.

14

Putro :   Manawi makaten Asma - jeneng - Nama lan Aran wau lampahe URIP

piyambak.

Romo :   Iya. Mula langgeng. Tegese tan owah gingsir. Tegese tetep ana.


Bukti lamun lakune Urip dewe iya iku : Asma - jeneng - nama- Aran tetep langgeng

, sanajan wujud wis ora ono. Umpamane raga wis mati, jeneng isih kinocapake

15

Putro :  Aran punika punapa ?.

Romo :  Aran lungguhe wujud. Dadi Sir, Dat, sipat wis Manunggal lan Wujud.

Aran saka Aksara Ha-Ra-Na yen tinulis nganggo aksara Jawa. Lungguhe PangertenHanane rasa nunggal. Pangerten iki adedasar  Uni kuwi nggawa bentuk.



 

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Komentar????