Minggu, 12 Desember 2021

BEDANE LUNGGUHE PAK SEMONO - SEMONO LAN HERUCAKRA


BEDANE LUNGGUHE
PAK SEMONO - SEMONO LAN HERUCAKRA
21
Putro :  Romo ngendika : AKU iki pak Semono, jenengku Semono. Yen asma :
Heru cakra. Panjenenganingsun Herucakra Semono. Punika mengku pikajeng kados pundi ?
Romo :   AKU pak Semono : Tegese kang kasat mata iki. Dadi Raga. Jenengku Semono tegese kang ora katon. Nanging tembung AKU mau sebenere dudu raga. Apa wis ketemu karo AKU ? AKU iki rupane kepriye ta ? Harak ora katon ?

Pangandikan iku dipilah dadi telu : siji : raga, loro : aku, telu : jeneng. Sing kasat mata (dadi raga), kuwi pak Semono. Nanging ing njerone raga ana AKUNE pak Semono. Si AKU kuwi kang ngobahake raga, pak Semono.
22
Putro :  AKU punika punapa ta ?
Romo :   AKU kuwi lakune angen-angen. Lungguhe ing awak : rasa-raga. Dadi kang ngobahake wong, mula wong urip iku lakune angen-angen.Aku kuwi ora katon (abstrak). Amarga tembung AKU iki tegese : lakune angen-angen.
23
Putro :  Wonten pangertosan ingkang nate kula pireng : Aku iki nerusake lakune
leluhur.
Romo :   Bener anane harak saka bapa biyung ?
Putro :  Menawi   mekaten   tiyang   gesang   punika   lenggahipun   nerusaken
lampahing leluhur.
Romo :   Bener.

Watak wantune si AKU mau nerusake lakune si AKUNE leluhur (bapa, biyung, si mbah, seteruse). Yen lakune leluhure si AKU mau nalika sugeng tansah mertapa mersudi luhuring budi, si AKU pasti ngunduh wohe pakartine leluhur. Mula banjur sinebut : tedake wong amar-tapa. Pengerten iki yen bisa ngagem, marakake nggampangake laku. Saupama pengerten iki kanggo ungak-ungak pribadine pak Sumono iya bakal oleh wangsulan sing cetha. Umpamane ana pangudarasa : ”Apa sebabe wahayu luhung iki teka tumiba marang pak Semono ?” Wangsulane kudu nglacak lakune leluhure pak Semono. Yen mung njinggleng lakune pak Semono wae, isih tangeh (isih pincang). Coba ungaken riwayate kabeh bangsane priyayi-priyayi luhur : mengko harak banjur cetha.
24
Putro :  Lajeng lenggahipun jeneng wonten pundi ?
Romo :   Jeneng, kuwi minangka ciri lakune si AKU. Sing maringi ciri mau URIP. Dijenengake ing AKU. Cethane jeneng mau busanane si AKU. Jeneng : Herman, Warso, Sri, Paiman, Roostinah lan liya-liyane mau jenenge si AKU utawa lenggahe si AKU.
Putro :  Jeneng inggih mboten ketingal ?
Romo :   Iya jeneng mula ora katon. Sebab jeneng kuwi lungguhe DAT. Yen AKU lungguhe SIPAT. SIPAT kuwi dudu wujud. Mula iya ora katon.

Sing maringi ciri kuwi urip. Tegese anane jeneng mau saka rasa osik.Kang ngosikake  urip.  Ilham,  mimpi,  wisik,  wewengan  kang  tinampa  manungsa  ikukanugrahan   utawa   wahyu.   Iku   kang   ngosikake (kang   murbawasesa-kang ngobahake)


25
Putro :  Gampilipun malih :  JenengHerman, Warso, Sri, Paiman, Roostinah
punika merkipun si AKU. Romo maringi pengertosan, menawi jeneng punika lungguhe DAT. DAT punika punapa ?
Romo :   Kumpule cahya lan sari-sari.
Putro :  Wewaton punika miterangake bilih jeneng Herman, Warso, Sri, Paiman,
Roostinah  wau  lenggahipun  cahya  tuwin  sari-sari.  Menawi  mekaten jeneng Herman, Warso, Sri, Paiman, Roostinah lan sanes-sanesipun punika ngemu lampah piyambak-piyambak.

Romo :   Bener, Mula ana tetembungan : Jeneng wis ngarani.

Pengerten iki katone prasaja, nanging jebule nemtokake. Ing pasrawungan keton banget yen jeneng kuwi dadi pituduh kang wigati. Umpamane : Kepriye anggonku bisa  mbedakake  wewengan (inwijding-kunci)  antarane  para WINAHYU  karo KUNCI peparingane SEMONO ?.  Kunci (ajaran,  wewengan  lan  sepiturute). Krisnamurti, Pangestu, Sech Siti Jenar, Sapta Darma, Islam, Kristen, Budha lan liya-liyane. Nyatane iya mahani temenan. Bedane mung ana nang jenlaku.Jeneng wis ngarani, nuduhake asal usule. Nuduhake kwalitete.

26
Putro :  Herman, Warsa, Sri, Paiman, Roostinah punika punapa ?
Romo :   DAT.  Bahane  DAT,  Herman  :  Her  kuwi  banyu,  ma  kuwimani  dadi banyune mani. Iya seteruse.
Putro :  Warsa ?
Romo :   Wahayune   rasa.   Iya   dat. Kalebu laku. Dadi Cahyo,   Sri   tegese   laku, dadi cahya.   Paiman   tegese palungguhane isine mani, kalebu sari sari. Roostinah tegese lakune rasa. Kalebu cahya
27
Putro :  Asma Herucakra. Panjenengan Ingsun Herucakra Semono. Bedanipun
ing pundi ing antawisipun asma kalian panjenengan ingsun?
Romo :   Lenggahe asma wis ngerti. Yaiku Sir. Dadi kuwasane. Kuwasane urip utawa obahe urip. Panjenengan saka tembung Jeneng utawa jumeneng. Panjenengan Ingun tegese jemuneng ingsun. Sapa kan jemuneng ? Ingsun.  Ingsun  kuwi  urip.  Dadi  tegese  Panjenengan  Ingsun  kuwi jumeneng Ingsun. Jemuneng Ingsun : Herucakra Semono.
28
 Putro :  Herucakra Semono punika tegesipun punapa ?
Romo :   Her= banyu. Cakra = bunder, utawa suwasanane utawa wadah. Herucakra tegese banyu bunder. Semono kuwi sejatine mani. Apa ta sejatine Herucakra Semono kuwi ? Banyu bunder sejatine mani. Asal usule ana. Ya URIP. Mula Herucakra Semono kuwi kang murba ana.

Romo yen nglenggahake pengerten bali (dilungguhake) marang raga-raga (awake dewe)  sebenere  luwih  gampang  tur  banjur  krasa.  Nanging  kang  akeh-akeh tinampa kurang marem. Marga  kulina nampa warah gelar. Herucakra Semono dilenggahake banyu bunder sejatine mani. Mula yen tinampa ing rasa kuping, sajak epeh kurang luhur. Mangka sejatine bener benering bener. Apa ora nyata yen kabeh ana ini saka mani ?.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Komentar????