Minggu, 12 Desember 2021

MUNA LAN MUNI

MUNA LAN MUNI
19
Putro :  Tembung sarta basa punika tumprapipun rasa lenggahipun ing pundi ? Romo :   Kuwi lakune angen-angen. Lakune gelar. Muna kuwi osik. Muni lakune
utawa sipate.
Putro :  Ingkang ngosikaken sinten ? Romo :   Rasa.
Putro :  Manawi mekaten rasa arsa gelar ?
Romo :   Iya. Rasa arsa gelar sinebut angen-angen.
20.
Putro :  Lampahipun rasa arsa gelar punika kados pundi ? Romo :   Krasa - rumangsa - ngrasakake.
Putro :  Romo ngendikakake rasa arsa gelar. Yen mekaten kosok wangsulipun
mesti wonten rasa arsa nggulung. Kados wonten siang mesti wonten ndalu.
Romo :   Bener rasa anggulung kuwi ana. Yakuwi lakune wong arep turu. Angen- angen,  budi  pekerti  lan  pancandriya  ora  makarti  maneh,  amarga ginulung.
Putro :  Ginulung ing pundi ? lan sinten ingkang nggulung?
Romo :   Ginulung rasa kumpule ing keteg.
Kumpule rasa sekujur badan iki ning keteg.

 Keterangan iki ora bisa diselaki. Buktine lamun tininggal ketege menungsa pasti lampus. Pengerten iki bisa kanggo prabot gawe katentreman, tinumbuka gora goda apa wae. Lamun baut nggulung rasa gelar nganti sinimpen primpen ing telenge rasa (keteg) sayekti kalis saka panggodane angen-angen budi pekerti lan pancadriya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada Komentar????