Rabu, 15 Desember 2021

UNINE KUNCI



UNINE KUNCI

KUNCI kuwi dudu unen-unen, dudu Uni, nanging kang mahanani UNI. Ora kena diowahi, dikurangi utawa ditambahi. Tumprap manungsa kang durung antuk sabda mijil, unen-unen KUNCI ora mahanani apa-apa. Tegese ora migunani lan maedahi. Amarga banjur mung dadi sungsunan sastra. Kosokbaline tumprap manungsa kang wis mijil (kang wis dadi PUTRO) kunci kuwi mahanani rasa, awit KUNCI kuwi WITING DUMADI.

KUNCI

Gusti ingkang Maha Suci
Kula nyuwun pangapura dumateng Gusti ingkang Maha Suci
Sirolah datolah sipatolah
 Kula sejatine Satriya/Wanita 
Nyuwun wicaksana
Nyuwun panguwasa
Kangge tumindake Satriya/Wanita sejati
Kula myuwun kangge anyirnakake
tumindak ingkang luput

68
Putro : Ingkang kula ungelaken punika punapa ?
Romo : Unen-unen. Lungguhe ing rasa. Mula KUNCI kuwi olehe ngunekake ana ing rasa.

1.  KUNCI kuwi dudu unen-unen, dudu Uni, nanging kang mahanani UNI.
2.  KUNCI kuwi unen-unen.
Keterangan   kang   sarwa   beda   ing   nduwur   iku (kontradiksi).   Kudu   bisa nglenggahake.Keterangan angka 1, kuwi lungguhe sejati.
Keterangan angka 2, kuwi KUNCI kang rinungu (suara). Dumadine saka unen-unen. Mula senadyan ana wong kang bisa ngapalake unine KUNCI mangka
durung disabda manjing (durung dadi Putro) ora ana paedahe. Sebab lungguhe mung entuk unen-unen bae. Pada karo wong apal cakepan (syair, sajak, rapalan).

69
Putro : KUNCI kedah dipun ungelaken kaping pitu. Punapa sebabipun ?
Romo : KUNCI kuwi siji, Nanging diunekake kaping pitu. Kuwi sebabe rasa pitu. Sembahe : Rambut, Kulit, Daging, Otot, Getih, Balung lan Sumsum.
70
 Putro : Kenging punapa kula kedah maos KUNCI ?
Romo : Tandane eling temenan.
Putro : Eling punika punapa ? Romo :  Ngakoni
71
Putro : Tiyang ingkang sami asung sembah ing papan-papan suci, masjid, gereja,
klenteng, biara, pertapan punapa dereng kenging senebat tiyang sampun eling ?
Romo : Ora. Amarga kae lagi tekan angen-angen. Durung krasa. Dadi esih lakune rasa pangrasa.


Krasa kuwi timbal balik (rasa banyu karo kang ngrasakake ngombe banyu). Balik rasa pangrasa kuwi durung bisa krasa. Ditembungake durung bisa ngobahake rasa nganti tekan krasa temenan. Kaya wong ngimpi. Mula ngimpi kuwi dumadine ana saka rasa pangrasa (lakune angen-angen).

72
Putro : Wonten pangertosan ingkang nglenggahaken perangan-perangan utawi
tataran (unda usuk). Lampah sembah. Setunggal : sembah raga, kalih : sembah sukma, tiga : sembah rasa.
Romo : Sembah raga kuwi idep. Sembah sukma kuwi madep, sembah rasa kuwi tetep. Dadi laku.

Iki pangerten rasa raga. Dadi esih pangerten rasa pangrasa. Dadi esih laku sembah sejati. Tegese esih nggoleti. Esih golet kiblat.

73
Putro : Bedanipun kalian Putro maos KUNCI ing pundi ?
Romo : KUNCI kuwi sembah URIP. Maca kuwi sungkem. Sungkem kuwi krasa. Dadi uwis tekan.

Sungkem iku tembung wis krasa (kumpul). Sungkem karo kang disungkemi. Siji sungkem SIJI (sing sungkem lan disungkemi) wis ora laku maneh.

KUNCI


KUNCI
60
Putro :  Kunci punika punapa ?
Romo :   KUNCI kuwi witing URIP. KUNCI kuwi Maha Suci. Kunci kuwi langgeng, KUNCI kuwi Romo, KUNCI kuwi MONO. KUNCI kuwi ASMA PUTRO. Yen ing awak KUNCI kuwi wadine lanang lan wadon.

Wadi (Geslach) utawa kemaluan. Asale ana langgeng. Lamun manungsa tan mrabot kuwi jagad iki mesti bae banjur suwung.

61
Putro : KUNCI kuwi witing URIP. Maknanipun kados pundi ?
Romo : Witing URIP tegese wiwitane ana URIP. Yen diucapake alon WIT ing Urip. Dadi URIP ing Urip. URIP kang lungguh ing Urip, sinebut Maha Suci.

Tembung WIT ing kene ing warah pangelmon sinebut KAYUN. Ing pakeliran wayang kulit,KAYON utawa Gunungan.
62
Putro : Maha Suci punika punapa ?
Romo : Maha Suci kuwi tegese kumpule kabeh Suci.
63
Putro ; KUNCI kuwi langgeng.
Romo : Apa ora nyata ? URIP kuwi langgeng. Tuwuh manuwuh, trubus manrubus. 
64
Putro :  KUNCI kuwi Romo.
Romo : Rak kabeh kuwi Romo. Lungguhe ing raga roh lan kama. Ya URIP. 
65
Putro : KUNCI kuwi MONO
Romo :  MONO kuwi kang mengkoni. Mono kuwi Tunggal, Esa utawa Siji. Kabeh ana lan ora ana ing saindenge jagad raya kuwi winengkonan MONO. Ana tetembungan  :  Gede-gedene  Gunung  ya  Semono.  Duwure  langit  ya Semono.  Cilik-cilike  tengu  ya  Semono.  Karepe,  kabeh  winengkonan Semono.
66
Putro : KUNCI kuwi ASMA PUTRO
Romo : Kang nglimputi jagad raya iki apa ora URIP ?67
Putro : Ingkang kagungan KUNCI punika sinten ? Romo : MONO.
Putro :  Punapa sebapipun rumiyin MONO dereng kersa paring KUNCI ?
Romo : Amarga durung gelar. Durung Mijil. Samangka wis mijil. Mula banjur ana Manunggal.

Sering banget Romo ngendika : Yen ing wetan Katon (Bathara Katon). Yen ing tengah Amat (Gusti Amat). Yen ing kulon MONO (Semono). Tegese : Biyen ya wis ana URIP (MONO). Mung biyen durung kersa mijil (durung kersa gelar). Aja keleru penampa MONO ingkono dudu Pak Mono. Bathara Katon ingkono dudu manungsa Putro Majapahit jaman Demang Kutuwengker (Ponorogo). AMAT ingkene dudu Gusti  Amat (Sura  ing  Ngalaga).  Ngayogyakarta.  Kudu  dipisahaken  antarane jeneng lan raga.

MANUNGGAL


MANUNGGAL

#   Tembung manunggal kuwi ora nganyar-nganyari. Wiwit biyen wis dimengerti lan wis ana. Bedane, biyen mung mandeg tekan ular-ular, samengka dadi krasa. Senadyan mengkana, akeh kadang durung bisa mangerti lungguhe manunggal. Bab iki bisa dimengerti, amarga kabeh sarwa abstrak.

56
Putro :  Manungggal punika tegesipun punapa ta ? Romo :   Loro dadi siji.
Putro :  Menawi wonten tembung, Kula bade manunggal, lenggahipun kados
pundi. Kula manunggal kalian sinten saha ingkang Kula manunggalaken punapa Kula ?
Romo :   Aku manunggal. Tegese Urip manunggal karo URIP. Lungguhe ing rasa.
Dadi rasa manunggal karo nglenggahi. Sing nglenggahi rasa kuwi URIP. 

57
Putro :  Punapa sami kalian unen-unen Manunggale Kawula Gusti ? 
Romo :   Kena bae. Uga bisa disebutake Suksma manunggal Suksmono. Rasa manunggal RASA.
58
Putro :  Ingkang manunggalaken sinten ? Romo :   URIP. ROMO.MONO.
MONO tegese Tunggal utawa Esa. Mula banjur ana tembung Manunggal.
58
Putro :  Kados pundi seged Kula manunggal ?
Romo :   Kudu duwe KUNCI.

Selasa, 14 Desember 2021

M I J I L


M I J I L
45
Putro :  Mijil punika punapa ? 
Romo :   Miji.
Putro :  Punapa mboten ateges medal utawi lahir ?.
Romo :   Kuwi gelare. Gulunge Miji. SEMONO wis mijil-tegese : wis miji lamun HERUCAKRA. Mula banjur ASMA : HERUCAKRA SEMONO.
46
Putro :  Punapa mboten sami kaliyan tembung manunggal ?
Romo :   Beda.
Putro :  Manunggal punika punapa ?
Romo :   Manunggal kuwi lagi laku arep miji, utawa laku miji.

Laku manunggal iku saka njaba menjero. Mijil (Miji) saka njero menjaba. Murih krasa, dicundukake bae karo laku manunggal (sexuele-gemeenschap) karo mijile mani. Banjur krasa bedane.

47
Putro :  Adedasar  sastra  basa,  tembung  mijil  punika  punapa  kenging  kula
jajaraken kalian wiji ?
Romo :   Mula mijil kuwi saka tembung basa wiji utawa miji.
Putro :  Menawi mekaten  HERUCAKRA  SEMONO  kenging  kula  tegesaken :
wijine ana. Mendet tembung SEMONO mijil ASMA HERUCAKRA. Banjur mijilake para Putro. Ateges damel wiji ana.
Romo :   Iya.

Njupuk saka tembung HERUCAKRA SEMONO : banyu bunder sejatine mani. (wiji) CAKRA ya duwe pangerten : wadah. Lungguhe malah dadi cetha. HERUCAKRA SEMONO kuwi wadah banyu sejatine mani. Tegese wiji ana.

48
Putro :  PUTRO punika punapa ?
Romo :   Kang nglimputi jagat raya. Yakuwi URIP.

Kang nglimputi jagad raya iku sakabehe ana lan ora ana. (Aran-Nama-Jeneng) penget : dudu bentuk. Mula ASMA PUTRO kadang-kadang jeneng kewan-tuwuh-dat lan sapiturute. Dirungokake kuping marakake eling marang bentuk jeneng-jeneng mau. Benere dudu. Bentuk ora melu melu. Sebab bentuk bisa owah gingsir.

BEDANE LUNGGUHE PANGERTEN ROMO LAN KANJENG ROMO


BEDANE LUNGGUHE PANGERTEN ROMO LAN KANJENG ROMO

49
Putro :  Romo punika punapa ?
Romo :   Romo kuwi Rasa Manunggal. Hawa kuwi rasa, angin ya rasa, geni, lemah, witwitan, suasana, manungsa, kewan-tuwuh……. Cekake kabeh sarwa ana lan kang ora ana kuwi kabeh rasa. Kabeh kang ana lan kang ora ana mau yen dikumpulake dadi siji, kuwi Romo. Dadi ya URIP.

Wis ora perlu keterangan maneh.

50
Putro :  Punapa tembung Romo sami kalian Maha Suci ?
Romo :   Kabeh jeneng kuwi suci. Kabeh ana lan kang ora ana kuwi suci. Kumpule kabeh suci kuwi Maha Suci.

Jeneng kuwi suci. Suci kuwi Urip. (Rasa) Kuping, mripat, irung, cangkem, wudel, wadi, dubur, tangan, sikil kuwi kabeh jeneng. (suci). Kumpule kabeh rasa-rasa mau, Maha Suci. Iki yen dilungguhake ing diri pribadi.

51
Putro :  Dados tembung Romo punika mengku pangertosan mboten pria mboten
estri.
Romo :   Urip kuwi ora lanang ora wadon. Amarga ora bentuk. Ana nanging ora katon.
52
Putro :  Dados punika dede Bapa utawi Bapak.
Romo :   Ra + Ma tegese Roh lan Kama. Iku ora lanang ora wadon. Bahan lan cethakane manungsa kabeh asale pada. Apa ora ?
53
Putro :  Ing  pasrawungan  nyebat  Bapa  mawi  sebatan  Romo.  Lajeng  dados
kalimprahan menawi sebatan Romo punika kagem nengeri sebatan jaler. 
Romo :   Lanang ingkene mengku pituduh lungguhe kuwasa. Kang kuwasa kuwi URIP. URIP kuwi Romo.
54
Putro :  Ing warah Kristen wonten sesebatan Hyang Romo. Punapa sami kalian
Romo ?.
Romo :   Hyang Romo kuwi wis aran. Dadi lakune rasa pangrasa.Mongko Romo kuwi
              rembug kroso


Tembung Hyang Romo wis aran, tegese wis krasa ana. Hyang kuwi Sang, Hyang Romo werdine Sang Romo. Tembung sesebutan utawa pamuja. Kang diarani rembug krasa, lenggahe rembug timbale balik. Kaya wong ngombe banjur krasa. Yen rasa pangrasa kuwi ora ana timbale balik. Mung kaya wong nyawang ngumbe nalika ngelak.

55
Putro :   Bedanipun kanjeng Romo kalian Romo wonten pundi ? 
Romo :   Kanjeng kuwi sesebutan tuwuh saka rasa pangrasa.

Tembung Kanjeng kuwi sesebutan, pamuja utawa pangaji-aji. Dadi uwis sarwa ana. (bentuk).  Yen  ngarani  Romo  Semono  mawa  tembung  Kanjeng  Romo, lungguhe tumiba gelar. Pada karo pak Semono tumpraping pangaji marang raga semono. Tembung Kanjeng lungguhe jati tegese kang jumeneng. Kang jumeneng ing raga (Semono)-ya URIP (dadi laku).