Minggu, 12 Desember 2021

BEDANE SESEBUTAN URIP LAN SESEBUTAN LIYA


BEDANE SESEBUTAN URIP LAN SESEBUTAN LIYA
#   SESEMBAHAN SEJATI, miturut panjenengane kuwi : URIP.
URIP kang mahananani lan kang anganani. URIP kang gawe gelar lan gulung. URIP kang murbawasesa saindenge jagad raya. URIP kang mengkoni lan kang kagungan kabeh kang kumelip ing saindenge jagad raya. URIP kang nganakake ana lan kang ora ana.

38
Putro :  Romo paring andaran, bilih ingkang murbawasesa saindenge jagad raya
punika URIP. Punapa sanes TUHAN, THIAN, GOD, HYANG WIDHI, JEHUWAH utawi sesebutan agung sanesipun ingkang sampun limprah dipun sebat-sebat manungsa ?
Romo :   Kuwi durung bener. Sesebutan, TUHAN, THIAN, GOD, HYANG WIDHI, JEHUWAH lan liya-liyane kuwi wis jeneng aran, manungsa wis bisa ngarani. Dadi manungsa wis bisa muna-muni. Nalika manungsa durung bisa muna lan muni apa wis bisa ngarani sesebutan mau kabeh ?.

Dibalekake sejarah manungsa. Sebab tembung-tembung ana lan ora ana kuwi sing nganakake ya menungsa. Rembug sesembahan iya rembuge manungsa. Sesebutan TUHAN, THIAN, GOD, HYANG WIDHI, JEHUWAH kuwi ana-iya.

39
Putro :  Aran lan ngarani punika lenggahipun ing pundi lan kadospundi ?
Romo :   Aran kuwi tembung wis ana. Dadi uwis ana gelar. Manungsa wis krasa anane. Sakwise krasa banjur ngarani. Lakunegelar - anggelarake. Balik nalika manungsa durung bisa muna lan muni, apa kang ana ? Bayi mau wis rumangsa urip, buktine yen dilarani wis ana jerit. Dadi uwis ana rasa.
40
Putro :  Kadospundi kula saged yakin menawi kula punika kagunganipun URIP, nanging sanes kagunganipun ALLAH utawi TUHAN ?
Romo :   Kabeh manungsa kang ora mati iku diarani apa ? Putro :  Manungsa Urip.
Romo :   Kenapa ora disebut manungsa ALLAH utawa manungsa TUHAN ? Sira rak yak krasa urip ta? Urip apa ora ? Krasa urip apa ora ? Rumangsa urip apa ora ? Ngrasake urip apa ora ? Ngrumangsani urip apa ora ?

Sira kuwi kowe (basa srawung kiwa tengene kuta Purworejo). Eling : - Yen jeneng kuwi nuduhake asal.

41
Putro :  URIP punika ingkang nganakaken sinten ?
Romo :   URIP kuwe ora ana sing nganakake. URIP kang nganakake samubarang ana.
Putro :  Wonten tetembungan : Aku iki URIP amarga di URIPake. Sinten ingkang
maringi gesang kula ?
Romo :   URIP. URIP iku kang nguripi lan kang nguripake Urip.

Tembene kang lagi krungu istilah URIP isih kisruh. Kita kudu bisa mbedakake ing antarane URIP individu-URIP universal-URIP ABSOLUTE. Urip cilik (aksara U tinulis gede). Urip bentuk.

42
Putro :  URIP punika punapa ?
Romo :   URIP kuwi kuwasane obah-lungguhe ing RASA. Kawicaksanane angen- angen. Dadi URIP kuwi kang ngobahake OBAH. Kang ngobahake Rasa. Kang  nguripake  angen-angen.  Kang  ngobah  ngosikake  budi  pekerti lumarap ing pancandriya.

Aja dikisruhake karo pangerten : URIP kuwi obah lan rasa. Nanging URIP kuwi kuwasane  obah-lungguhe  ing  rasa.  Dadi  mengku  karep  URIP  kuwi  kang ngobahake Urip lan kang LUNGGUH ing rasa.

43
Putro :  Wangsul bab sesebatan  TUHAN, THIAN, GOD, HYANG WIDHI,
JEHUWAH lan sanes-sanesipun wau wonten amargi manungsa urip. Manungsa urip mau tangeh lamon saged damel sesebatan ing inggil wau menawi mboten dipun osikaken URIP kiyambak. Mila kula lajeng wanton
mastani, menawi sesebatan wau wonten amargi URIP piyambak ingkang kagungan karsa. Lenggahe sesebatan wau lajeng wonten ing pundi ?. 

Romo :   Kuwi lakune URIP.

Tembung lakune URIP mbok menawa kena dak terangake : segi-segi (dimensi) URIP.

44
Putro :  Menawi  mekaten  HERUCAKRA  SEMONO  punika  inggih  lampahipun
URIP.
Romo :   Bener. HERUCAKRA SEMONO kuwi purbawasesa URIP. Asal-usule ana gelar  lan  gulung.  Kang  ana  lan  ora  ana.  Kang  mengku  lan  kang mengkoni.

Yen  dihubungake  karo  keterangan  iki  lewih  cetha,  yen  jeneng-jeneng  mau (sesebutan-sesebutan) aktivitas (segi-segi-dimensi-dimensi) URIP dewe.

LUNGGUHE RATU ADIL - GUSTI AMAT LAN LIYA-LIYANE

LUNGGUHE

RATU ADIL - GUSTI AMAT YESUS LAN LIYA-LIYANE
29
Putro :  Herucakra Semono sinebatake ing buku jangka jayabaya : Ratu adil kang
mijil saka alas ketangga.
Romo :   Bener. Ratu adil. Ratu kuwi  dudu mnungsa ta ? Ratu kuwi aran. Tegese rasa : rasa tumata utawa tumatane rasa. Adil tegese lakune rasa. Rasa - krasa - rumangsa - ngrasakake ing sekujur badan. Dadi Ratu Adil kuwi tegese rasa tumata ing sekujur badan. Yakuwi URIP.

Putro :  Mijil saka alas ketangga ?
Romo :   Ketangga tegese keteg ing angga. Apa ora nyata. Ya ing keteg kuwi kumpule kabeh                   
                   rasa. Keteg kuwi kang murbawasesa uripe manungsa. Buktine : senajan Nabi, manungsa sekti mandraguna, lamun tininggal ketege sayekti banjur mati.

Putro :  Nanging ugi sinebatakae alas ketangga Madiun.
Romo :   Madiun saka tembung Madi. Lakune Mani. Jangkepe : Mani - Madi - Wadi - Manikem. Mula sinebutake mijil saka alas ketangga Madiun, tegese asale rasa apa ora saka Madi ?
30
Putro :  Menawi mekaten tembung Mad - Madi, punapa mboten sami kalian Mat-
Amat ?
Romo :  Bener. Gusti Amat. Gusti kuwi sesebutan utawa bentuk. Amat ya Mat. Mat kuwi rasa. Mating rasa tegese telenge rasa. Apa telenge rasa ora kang ana keteg ? yakuwi URIP.

Mani - Mad - Wadi - Manikem  kuwi lakune mani mijil. Tegese lakune rasa (evolusi rasa). Mat tegese laku kang wis muncak. Rasa mat banget, krasa rasa memuncak.

31
Putro :  Punapa URIP punika keteg ?
Romo :  Ora. Nanging kang ana ing keteg. Tegese kang ngobahake. URIP kuwi kuwasane  obah.  Lungguhe  ing  rasa.  Kawicaksanane  angen-angen. Tegese : kang ngobahake obah. Kang lungguh ing rasa.

Putro :  Sering kula mireng tetembungan IMAM MAHDI. IMAM MAHDI  punika
tiyang ?
Romo :   IMAM MAHDI kuwi aran, nama utawa jeneng. Dudu manungsa tegese IMAM MAHDI isine MANI-MADI. Apa ora urip. Pada karo tetembungan MADI-YUN.   Yun   saka   tembung   KAYUN   tegese   urip.   Pada   karo tetembungan Gu

35
Putro :  Menawi Hyang Wisnu manjanma sakwise jaman kaliyuga lenggahipun
wonten ing pundi ?
Romo :   Hyang saka tembung Sang, tegese gesang. Wisnu tegese wis nunggal.
Ing nduwur iku conto pengerten luwih gamblang. Cetha banget pisahe jeneng lan bentuk. Diterangake yen jeneng kuwi lakune URIP dewe.
36
Putro :  Kula nate maos babad Sabdapalon ing serat DARMA GANDUL ungelipun
mekaten ; ”Besuk yen ana manungsa JAWA jenenge tuwa dewe,   kuwi kang   den   dereki.”   Punika   wuwusipun   Sabdopalon   dateng   Prabu Brawijaya. Jenenge tuwa dewe punika kajenganipun punapa lan sinten ? 

Romo :   JENENG TUWA DEWE kuwi kabeh jeneng. Apa ana manungsa kang rumangsa menehi umur jeneng ? Sapa ta jenenge tuwa dewe ? URIP. Urip kuwi tuwa dewe. Awit jeneng kuwi lakune URIP. 

Pada karo tembung srekalan : godong sejagat sing amba dewe godong apa ? Mesti wangsulane Kabeh godong. Semono kuwi jeneng kang tuwa dewe yen ditandingake sekabehe jeneng. Mula nyata. Conto ”Dek tahun siji Masehi aku wis lahir,” Diunggahi ; ”0 (duk) Semono wis duwe buyut. Krasa yen tembung semono. Kuwi ora bisa diunggahi maneh.

37
Putro :  Kula mireng ular-ularipun kaum theosopi, bilih jagad ing mbenjing bade
kaprentah dening sesebutan nam

a ; SEMANU.
Romo :   Kuwi bener. Semanu iyo Semono. Semanu tegese rasane manu. Manu kuwi URIP.

Manu utawa Mana yen ing kawruh antropologi tegese tenaga hidup. Mono tegese siji utawa Esa. Sesembahan tunggal sinebut Monotheisme.








BEDANE LUNGGUHE PAK SEMONO - SEMONO LAN HERUCAKRA


BEDANE LUNGGUHE
PAK SEMONO - SEMONO LAN HERUCAKRA
21
Putro :  Romo ngendika : AKU iki pak Semono, jenengku Semono. Yen asma :
Heru cakra. Panjenenganingsun Herucakra Semono. Punika mengku pikajeng kados pundi ?
Romo :   AKU pak Semono : Tegese kang kasat mata iki. Dadi Raga. Jenengku Semono tegese kang ora katon. Nanging tembung AKU mau sebenere dudu raga. Apa wis ketemu karo AKU ? AKU iki rupane kepriye ta ? Harak ora katon ?

Pangandikan iku dipilah dadi telu : siji : raga, loro : aku, telu : jeneng. Sing kasat mata (dadi raga), kuwi pak Semono. Nanging ing njerone raga ana AKUNE pak Semono. Si AKU kuwi kang ngobahake raga, pak Semono.
22
Putro :  AKU punika punapa ta ?
Romo :   AKU kuwi lakune angen-angen. Lungguhe ing awak : rasa-raga. Dadi kang ngobahake wong, mula wong urip iku lakune angen-angen.Aku kuwi ora katon (abstrak). Amarga tembung AKU iki tegese : lakune angen-angen.
23
Putro :  Wonten pangertosan ingkang nate kula pireng : Aku iki nerusake lakune
leluhur.
Romo :   Bener anane harak saka bapa biyung ?
Putro :  Menawi   mekaten   tiyang   gesang   punika   lenggahipun   nerusaken
lampahing leluhur.
Romo :   Bener.

Watak wantune si AKU mau nerusake lakune si AKUNE leluhur (bapa, biyung, si mbah, seteruse). Yen lakune leluhure si AKU mau nalika sugeng tansah mertapa mersudi luhuring budi, si AKU pasti ngunduh wohe pakartine leluhur. Mula banjur sinebut : tedake wong amar-tapa. Pengerten iki yen bisa ngagem, marakake nggampangake laku. Saupama pengerten iki kanggo ungak-ungak pribadine pak Sumono iya bakal oleh wangsulan sing cetha. Umpamane ana pangudarasa : ”Apa sebabe wahayu luhung iki teka tumiba marang pak Semono ?” Wangsulane kudu nglacak lakune leluhure pak Semono. Yen mung njinggleng lakune pak Semono wae, isih tangeh (isih pincang). Coba ungaken riwayate kabeh bangsane priyayi-priyayi luhur : mengko harak banjur cetha.
24
Putro :  Lajeng lenggahipun jeneng wonten pundi ?
Romo :   Jeneng, kuwi minangka ciri lakune si AKU. Sing maringi ciri mau URIP. Dijenengake ing AKU. Cethane jeneng mau busanane si AKU. Jeneng : Herman, Warso, Sri, Paiman, Roostinah lan liya-liyane mau jenenge si AKU utawa lenggahe si AKU.
Putro :  Jeneng inggih mboten ketingal ?
Romo :   Iya jeneng mula ora katon. Sebab jeneng kuwi lungguhe DAT. Yen AKU lungguhe SIPAT. SIPAT kuwi dudu wujud. Mula iya ora katon.

Sing maringi ciri kuwi urip. Tegese anane jeneng mau saka rasa osik.Kang ngosikake  urip.  Ilham,  mimpi,  wisik,  wewengan  kang  tinampa  manungsa  ikukanugrahan   utawa   wahyu.   Iku   kang   ngosikake (kang   murbawasesa-kang ngobahake)


25
Putro :  Gampilipun malih :  JenengHerman, Warso, Sri, Paiman, Roostinah
punika merkipun si AKU. Romo maringi pengertosan, menawi jeneng punika lungguhe DAT. DAT punika punapa ?
Romo :   Kumpule cahya lan sari-sari.
Putro :  Wewaton punika miterangake bilih jeneng Herman, Warso, Sri, Paiman,
Roostinah  wau  lenggahipun  cahya  tuwin  sari-sari.  Menawi  mekaten jeneng Herman, Warso, Sri, Paiman, Roostinah lan sanes-sanesipun punika ngemu lampah piyambak-piyambak.

Romo :   Bener, Mula ana tetembungan : Jeneng wis ngarani.

Pengerten iki katone prasaja, nanging jebule nemtokake. Ing pasrawungan keton banget yen jeneng kuwi dadi pituduh kang wigati. Umpamane : Kepriye anggonku bisa  mbedakake  wewengan (inwijding-kunci)  antarane  para WINAHYU  karo KUNCI peparingane SEMONO ?.  Kunci (ajaran,  wewengan  lan  sepiturute). Krisnamurti, Pangestu, Sech Siti Jenar, Sapta Darma, Islam, Kristen, Budha lan liya-liyane. Nyatane iya mahani temenan. Bedane mung ana nang jenlaku.Jeneng wis ngarani, nuduhake asal usule. Nuduhake kwalitete.

26
Putro :  Herman, Warsa, Sri, Paiman, Roostinah punika punapa ?
Romo :   DAT.  Bahane  DAT,  Herman  :  Her  kuwi  banyu,  ma  kuwimani  dadi banyune mani. Iya seteruse.
Putro :  Warsa ?
Romo :   Wahayune   rasa.   Iya   dat. Kalebu laku. Dadi Cahyo,   Sri   tegese   laku, dadi cahya.   Paiman   tegese palungguhane isine mani, kalebu sari sari. Roostinah tegese lakune rasa. Kalebu cahya
27
Putro :  Asma Herucakra. Panjenengan Ingsun Herucakra Semono. Bedanipun
ing pundi ing antawisipun asma kalian panjenengan ingsun?
Romo :   Lenggahe asma wis ngerti. Yaiku Sir. Dadi kuwasane. Kuwasane urip utawa obahe urip. Panjenengan saka tembung Jeneng utawa jumeneng. Panjenengan Ingun tegese jemuneng ingsun. Sapa kan jemuneng ? Ingsun.  Ingsun  kuwi  urip.  Dadi  tegese  Panjenengan  Ingsun  kuwi jumeneng Ingsun. Jemuneng Ingsun : Herucakra Semono.
28
 Putro :  Herucakra Semono punika tegesipun punapa ?
Romo :   Her= banyu. Cakra = bunder, utawa suwasanane utawa wadah. Herucakra tegese banyu bunder. Semono kuwi sejatine mani. Apa ta sejatine Herucakra Semono kuwi ? Banyu bunder sejatine mani. Asal usule ana. Ya URIP. Mula Herucakra Semono kuwi kang murba ana.

Romo yen nglenggahake pengerten bali (dilungguhake) marang raga-raga (awake dewe)  sebenere  luwih  gampang  tur  banjur  krasa.  Nanging  kang  akeh-akeh tinampa kurang marem. Marga  kulina nampa warah gelar. Herucakra Semono dilenggahake banyu bunder sejatine mani. Mula yen tinampa ing rasa kuping, sajak epeh kurang luhur. Mangka sejatine bener benering bener. Apa ora nyata yen kabeh ana ini saka mani ?.

MUNA LAN MUNI

MUNA LAN MUNI
19
Putro :  Tembung sarta basa punika tumprapipun rasa lenggahipun ing pundi ? Romo :   Kuwi lakune angen-angen. Lakune gelar. Muna kuwi osik. Muni lakune
utawa sipate.
Putro :  Ingkang ngosikaken sinten ? Romo :   Rasa.
Putro :  Manawi mekaten rasa arsa gelar ?
Romo :   Iya. Rasa arsa gelar sinebut angen-angen.
20.
Putro :  Lampahipun rasa arsa gelar punika kados pundi ? Romo :   Krasa - rumangsa - ngrasakake.
Putro :  Romo ngendikakake rasa arsa gelar. Yen mekaten kosok wangsulipun
mesti wonten rasa arsa nggulung. Kados wonten siang mesti wonten ndalu.
Romo :   Bener rasa anggulung kuwi ana. Yakuwi lakune wong arep turu. Angen- angen,  budi  pekerti  lan  pancandriya  ora  makarti  maneh,  amarga ginulung.
Putro :  Ginulung ing pundi ? lan sinten ingkang nggulung?
Romo :   Ginulung rasa kumpule ing keteg.
Kumpule rasa sekujur badan iki ning keteg.

 Keterangan iki ora bisa diselaki. Buktine lamun tininggal ketege menungsa pasti lampus. Pengerten iki bisa kanggo prabot gawe katentreman, tinumbuka gora goda apa wae. Lamun baut nggulung rasa gelar nganti sinimpen primpen ing telenge rasa (keteg) sayekti kalis saka panggodane angen-angen budi pekerti lan pancadriya.

Sabtu, 11 Desember 2021

PAEDAHE PERMATI ING TEMBUNG

PAEDAHE PERMATI ING TEMBUNG

16
Putro :  Dados Semono punika Jeneng Panjenengan.

Romo :   He-eh. S titik Mono. S titik yen timulis nganggo aksara Jawa-Sa dipepet.
             Yenditulis nganggo aksara latin S.MONO.

Putro :  Kula  mireng  wonten  ingkang  nyebat  Semono,Samana,malah  wonten
Ingkang nyebat Sumono. Punapa kepareng ?.

Romo :   Kena bae. Mung lenggahe banjur bedha.
 
Putro :  Bedanipun wonten ing pundi ?

Romo :   Nyata bedha. Yen Se genah Sa dipepet. Yen Su genah Sa disuku. (Aksara Jawa).

17
Putro :  Punapa  lenggahipun  bedha  ing  antawisipun  Sa  dipepet  kaliyan  Sa
disuku?

Romo :   Pepet  kuwi  pangertene  rasa  disengker.  Winadi,  pinayungan  utawa Sejatine.  Yen  Suku  tegese  laku.  Nglegena  duwe  pangerten  sastra Sawantah.

Putro :  Manawi makaten Se- - Mono punika kateges Sejatine Mono ?.

Romo :   Kuwi kari sakresane olehe mangerteni. Lungguhe sing bener aja Mung nanggapi bleger bae. Yen ragane padha.

Aja mung nanggapi bleger wae. Yen ragane padha. Iki mengko karep misahake
Wujud lan jeneng. Misahake bleger manungsa lan sabdane. Gamblange, Semono kuwi dudu raga kang katon dinulu. Semono kuwi jeneng. Jeneng kuwi ora katon (Abstrak). kang katon iku arane : manungso.

18
Putro  : Asalipun tembung puniko saking pundi?
Romo  : Kabeh tembung - aran- jeneng lan muna muni iku asale saka rasa. Mula yen goleki lungguhe, kudu digulung. Ateges mbalekake asale
Putro :  Punapa Ta paedahipun permati ing tembung basa ?
Romo :   Iki pangerten ngungak ungak jatine. Amarga tembung mau nuduhake asale ana ( UNI ). Dumadi saka rasa arsa gelar.
Putro :  Nanging sarehne pangerten punika pinanggihipun amargi saking tapsir,
Punapa malah mboten badhe kalorop ing pangotak atik ?
Romo :   Bener. Mula gulunge. Aja gelare. Yen nggelar kuwi tapsir. Kabeh aran lan jeneng sing ngarani wong urip. Asale saka rasa. Mula yen nglungguhake kudhu dibalekake asale.
 Tembung dibalekake kuwi Gulunge.

Dadi tembung-embung jeneng-jeneng, aran-aran lan sapanunggalane kuwi asale saka
 wong urip. Tegese URIP dewe sing ngarani (maringi sebutan, jeneng, aran lan liya-
liyane) Mula yen arep nggoleti lungguhe kudu dibalekake asale (digulung). Asale saka
 wong urip dadi iya kudu dibalekake marang wong urip. Umpamane tembung 
MONO. Endi ta lungguhe MONO ing raga ? MONO iku tegese siji-tunggal. 
Apa sing tunggal lan raga iku URIP. Dadi MONO iku URIP. Iya iku kang 
murbawasesa