Jumat, 10 Desember 2021

“ M L E B U “ ASMANE HERUCOKRO SEMONO

B A B   S I J I

 

“ M L E B U “

ASMANE HERUCOKRO SEMONO

 

1  SEMONO kuwi jeneng. Jenenge menungsa lumrah. Tegese mripatku bisa nyumurupi  wujude. Kupingku bisa nanggapi suarane.  Irungku bisa  angganda ragane  minangka paseksen. Cangkemku bisa ngarani cetha. Dadi dudu setan, dudu demit, dudu iblis, dudu jin miturut unine angen-angen kang darbe pandakwa sing ora-ora. Uga dudu malaikat utawa dewa miturut unine sastra agama lan dongeng kuna.

 

Uga dudu panjalmaning aran kang sekti mandraguna  kang marakake bedha klawan menungsa liya. Mung bae ora ana manungsa kang bisa nyaritakake raga nganti tlesih sarta sura silahe kang cetha.  Bab iki bisa dimengerti, awit kang bisa gawe lan kang wenang nyaritakake sejarahe pribadi iya mung kang duwe sejarah. Mangka kang kagungan sejarah nganti tumeka dina iki (Senen Legi 18 Desember1963) durung kersa ngendikake sejarahe pribadi.

2. Miturut  ujare  tangga  teparo  tunggal  desa  panjenengane  kuwe  Putrone  pak KasandikRomo. Wiwit timur mula, jenenge SEMONO. Nanging uga ana warta yen SEMONO  kuwi  sakbenere  dudu  Putrone  pak  Kasandikram.  Suwargi  pak KasandikRomo tau ngendika marang Putro mantu (Suwit). Yen SEMONO kuwi asale saka Matatram (Jogjakarta).

Diwartakake Putro sultan Jojakarta kaping V (Gusti Sura ing Ngalaga  Gusti Amat). Warta kang isih durung maton. Isih jeneng cangkriman. Mula angel dikandakake.

Nalika timur, Putro mantu pak KasandikRomo mau nyumurupi yen Semono duwe ayang-ayangan loro. Ora mung Putro mantu kuwe bae kang nyumurupi, malah kepara ana sawetara tangga teparo kang melu weruh (Kang isih sugeng : Matawi, Dulah Rasad). Iki minangka tanda penget, yen SEMONO dudu sebaene bocah gunung, dudu saklumrahe manungsa. Awit ana wayangan utawa ayang-ayangan mesti kudu ana jatine. Mangka kang kasat mata mung siji. Banjur sing  nenem kuwi sapa lan apa?.

3. Manungsa jeneng SEMONO dedalem ing desa Kalinangka-Gunung Damar. Klebu wilayah Kecamatan Loano Kabupaten Purworejo Karsidenan Kedu Propinsi Jawa Tengah.  Ancer-ancere desa Trirejo Sejiwan kilometer 5 dalan gedhe Purworejo Magelang.  Dilahirake Jemuah Pahing sasi Rabingulakir  tanggal 21 jam 01.15 tahun 1900 M.

 

Putrone pak KasandikRomo kang nomer papat. Pak KasandikRomo seda tanggal 27 Rejeb dina Setu Wage tahun 1942. Putro pembarep  Pak Kasandikromo : Chotijah (dulur tunggal ibu kelawan Semono), Nomer loro : Supiyah, Nomer telu Ngasiyah, Nomer papat : Semono, Nomer lima : Misih, Nomer enem Semar, Nomer pitu : Sanah.

4. Panjenengane  tilas  serdadu.  Pensiunan  Kapten  Angkatan  Laut.  Komandan Keamanan Pangkalan Surabaya nganti tahun 1960. Garwane loro : Kang sepuh jeneng Ngarinem , kang timur jeneng Tumirin. Pak Semono Ora duwe turun.

 

 

 

 

 

 

 

Mijil nalika tanggal 14 Nopember 1955 dina Senen Pahing jam 18.05 (jam nem limang menit wanci surup surya) ing Perak Barat 93 Surabaya. Wiwit iku Asmane HERUCAKRA SEMONO

Suci Kuwi Dudu Bentuk


Dudu kitab suci, dudu unen-unen suci, dudu ular-ular suci, dudu warah suci, dudu pituduh suci, dudu lambang suci utawa apa wae kang dikumandangake suci.

 

Mula sapa kang marsudi utawa nggoleki suci sinangkan saka unen-unen, saka wacan suci, saka kitab suci, saka warah suci, saka pituduh suci, saka lambang suci, sayekti keliru. Satemah malah kesasar.

 

Amarga uni kuwi ora ana hubungane karo bentuk. Bentuk ora ana hubungane karo UNI. Amarga UNI dudu bentuk lan bentuk dudu UNI. Siji lan sijine duwe laku lan lungguh dewe - dewe.

 

Upamane arep ngupadi putih sinangkan saka bentuk, endi ta sing diarani putih iku? Apa ta putih iku? Sayekti tan bisa ngarani ndapuk. Yen ngaranana gamping kuwi lungguhe putih, mega kang lumaku ing nggegana kae iya putih, riaking banyu iya putih, wulune manuk kuntul iya putih. Sangsaya marsudi, sangsaya ora ke temu, sangsaya anjinggleng sangsaya kuwur, satemah bingung wegugen tengah ing marga.

 

Apa maneh marsudi utawa nggoleki lungguhe suci. Nganti jambul uwanen mangsa bisaa kacandak, lamun sinangkan saka njaba. Amarga njaba kuwi wis gelar ana. ANA kuwi gelaring angen-angen. Sapa kang ngetutake angen-angen sayekti kesasar. Amarga angen-angen kuwi owah gingsir.

 

Yen mangkono suci kuwi dudu angen-angen, dudu kang owah gingsir. Yektine suci kuwi nyata, suci kuwi langgeng. Kang langgeng iku URIP. URIP Kuasane OBAH lungguh ing RASA. Nyumrambahi sakujur badan.

 

ANANE tan bisa dikandakake, tan bisa ditularake, tan bisa diwarahake, tan bisa digambarake. Sapa kang bisa ngandakake RASA? Sapa kang bisa nggambarake RASA?. Sajagad saindenge raya ora ana kang bisa, kajaba RASA iku dewe.

Awewaton pangerten lan pangaku iku, sapa kang nganggep sakwuse maca lan ngrungokake pangrasa lan ngandakake tulisan iki pada karo wis ketemu RASA utawa SUCI, sayekti keliru keliruning keliru. Amarga tulisan, rerungon, unen-unen warah, lambang lan ular-ular iku kabeh dudu URIP, dudu RASA, dudu SUCI.

Unen-unen, ular-ular, warah, tulisan, lambang, rerungon, iku kabeh mau amung bisa ngobahake rasa pangrasa. Yakuwi lakune angen-angen lan budi. Balik RASA kuwi kudu KRASA temenan. Amarga URIP kuwi kuwasane OBAH. Lungguhe ing RASA.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Kepriye bisane krasa? Iya kudu lungguh temenan. Kepriye bisane lungguh lan dilungguhi? Iya kudu ketemu lan dilungguhake URIP temenan. Kepriye bisane ketemu URIP? Tan bisa manungsa ngupadi  URIP, lamun ora URIP dewe kang KAGUNGAN KARSA. Amarga URIP kuwi cedak tanpa senggolan. ANA nanging ORA ANA. Lenggah ing telenge RASA. Ing mangka salagine ngupadi dununge RASA wae tan bisa. Mula banjur mandek dadi kekandan suci, idam-idaman suci lan angen-angen suci para leluhur bae. Nanging mokal  banget ana kanda, ora ana kang dikandakake. Ana UNI ora ana bentuke (dudu wujud). Ana wewayangan ora ana JATINE. Amarga kanda, UNI utawa wewayangan, kuwi ana saka gelaring RASA. Awit kang kanda lan kang muni kuwi wong URIP. Mula kanda lan UNI dewe (waos : muni dewe) iku iya URIP. Sinebut rasane URIP, amarga URIP lungguh ing RASA.

Nuli ana UNI mijil, diunekake nalika tanggal 14 November 1955 dina Senen Pahing jam 18.05 ing Jawa Wetan (Surabaya).UNI mau diunekakeMIJILINGRATU ADIL. Lah apa RATU  ADIL IKU? Apa manungsa? DUDU, apa Malaikat, DUDU, apa Setan?DUDU,apa Demit? DUDU.

 

Yektine URIP. URIP kang MURBA WASESA saindenge jagad raya. Iya kang ngumpuli  kabeh  sarwa  URIP.  Sinebut  kang  anguripi  kabeh  sarwo  URIP  ing saindenge jagad raya. Iya kang sinebut MAHA SUCI iya MAHA KUWASA. Sebab lenggahe ing RASA utawa SUCI. Kuwasane OBAH.

 

Lah apa sebabe mijil ing Jawa Wetan, Jawa tegese jumenenge wahyu. Wetan tegese wiwitan. Dadi Wiwitaning jumenenge WAHAYU. Wiwit kuwi URIP. Kang wiwit kuwi URIP. Kang miwiti iku URIP.

NULI limangtahun lawase aku lunga golet UNI, anggoleti UNI, angumpulake UNI embuh ana guna paedahe, Iku dudu empaning pangesti, awit UNI kuwi dudu pangesti kang diunikake iya dudu pangesti. Iki mung jeneng bahan. Dikumpulake kareben  ana  UNI.  Kareben  diunikake  UNI.  Kareben  MUNI.  Kandane  sing ngunekake : yen UNI wis gelem MUNI harak gembleng karsane dewe.

 

 

 

 

 

 

 

 

Nuwun

 

 

Herman Pratikto

Ater Ater

Hananing buku iki, mundi dhawuhe Kanjeng Romo naliko tanggal 28 Novermber 1963, dino Kamis Pon watara jam 23.10 WIB kanti disekseni kadang pitu, supoyo aku ngumpulake kabeh dhawuh pangandikane Kanjeng Romo. Kadang pitu mau asmane 1. Martopawiro, 2. Gho Khiem Kiu, 3. Sastrawijoyo, 4. Suwito, 5. Subroto, Purwokerto, 6. Subroto Jogyakarta. 

Dhawuhe Romo : aku diutus ngumpulake kabeh dhawuh pangandikane sing nganti jangkep. Aja dikurangi utawa ditambahi. Nanging nyatane, aku ora kuwagang ngumpulake kabeh. Sanajan tha dak gumateni, mekso durung jangkep. Amung lumayan katimbang ora babar pisan. 

Pancen ngumpulake kabeh dhawuh pangandikane Urip, mangsa bisaa. Awit, RASA kuwi dudu bentuk dudu tulisan. Mulo ana erang erangan Pujangga kang mengkene mengken : Herujakra Semono datan keno tinulis. 

 Mula buku iki, among ngunpulake saklumit dhawuh pangandhikane ROMO, Sarine nularake Lakuning Urip utawa Lakuning Kasampurnan. Tumuju kagem mapanake lan nglungguhake Laku Anggembleng. . Cacahe wawan Sabdha iki ana 3.600 pitakonan, kurang luwih 1.200 lembar kertas folio. Supoyo ora kroso/katon megah megahit, dak bagi dadi telung jilid si : 1.200 pitakonan. 

. Putro ora diwajibake duwe buku iki, tembunge mono suko, amargo rasa iki yektine ora mbutuhake bentuk tulisan lan kondo. Romo among mrayogekake wahe. Amargo ngungkih marang pangerten iku anjalari sugih wadah. Deene pangendikane Romo, mengkene: “Lamun bisa maca iki dadi lan becike”. Murih rancak – runtuting laku lan tumindak anggembleng. “Ugo bisa anjalari nggampangake pananggap sarto nompo, kabeh dhawuh, sarta pangandhikane Romo.”. Nyatane iyha ora gampang bisa nampa apa maneh nglenggahake kabeh dhawuhe pangandhikane Romo. Sisip sembire malah ngisruhake katentreman, amarga kadangkolo among isi semu sanepan, sesualang utawa andaran wae. Nanging ugo, bisa dadi sabdho kang mahanani. 

. Banderane Romo kuwi ragane. Tan darbe corak lan warno. Dhawuh Pangandhikane siji lan sijine ora padha. Kadang kala dapur ilham, wahyu, sbda, dawuh, pangandika utawa wuhung sanepan, pralamabang, sesualang lan moco obahing Rasa sarta wulang reh. Malah soko panyimakku: pitakonan saklimah wahe bisa owah saben menit. Mula sepisan maneh, wekasku marang para kadang: Kumpulan dhawuh Pangandhika iki mung kanggo ancer ancer laku anggembleng wahe. 

 CARANE ngungkih buku iki, kudu diambali bola bali, nganti nades temenan. Nanging poma aja diapalke. Sebab iki dudu buku wulangan pasinaon/pamulangan. Dudu Kitab Angger Angger utawa Kitab Sembahyangan. Destun amung bahan murih ambiyantu rancaging ngungkih pangerten kang tumuju marang tentrem. 

 Buku iki pinaringan irah irahan PANGGUGAH HANANE MANUNGSA . sipate gulung, dadi dudu gelar. Mulo isine tumuju marang tentrem. Candrane ngajak turu. Nanging ora ateges nglepeh lan ngemohi bot rentenge gelare Urip kang kebak rubeda. 

 Carake garap buku iki, sarana paweling. Dhawuhe Romo, mangkene: “Ngagemo paweling mengko pasti diwangsuli. Tumrap Putro wis ora samara pa kang diarani Paweling mahu. Sebab aku banjut antuk wangsulan kabeh kang dan aturke. Sapa kang paring wangsulan/wewenang mahu, ora liya kajaba: MONO dewe, iyha Sang Tunggal. Iku Romo Sejati. 

. Saben saben aku ngaturake pitakonan, aku tansah migunakake PAWELING. Ing detik iku uga , aku antuk wangsulan. Nuli dak ketik langsung. Saben dinane aku bisa nggarap rata rata 20 lembar. 

 Saben sampung 20 lembar, aku banjur ngadep Romo Raga (waos Pak SEMONO). Pitakonan-pitakonan lewat paweling mahu dak ambali maneh. Ora ateges kurang pitaya, nanging saperlu nguji maneh. Deene wangsulane Romo kang lewat tutuke Romo Raga mahu cocok karo suwara kang dak rungu lewat Paweling lan sing dak ketik mahu. Yen diteliti gesehe mung 1 %, yha kuwi ngeneni susunan basa (tata bahasa/gramer) lan sastra. 

 Cetho ing kene yen Romo Raga nyata nyata wadahe Romo Sejati, amargo suwara, lagu, volume suwara, gaya lan tekanane ceplos ora geseh sak rambut, karo suwarane Romo kang dak rungu liwat Paweling.

 Deene wigatine aku anyocokake pitakonan pitakonan lan wangsulan wangsulan lewat Paweling, marang Romo Raga (waos Pak S.Mono) mahu ora liyo mung golek saksi yen kumpulan tulisan wawan Sabda lawan Romo iki dudu lamunanku dewe. Dudu reka rekaku dewe utawa karanganku dewe. Kapindone supaya ojo nganti kalorop marang obahing angen angen, wisik, osik, wangsit utawa sasmita kang bisa mawujud chayal lan fantasi. 

 Awit saka iku, buku iki chusus kagem para Putro, sebab yen durung Putro, mesti wahe durung bisa krasa-rumangsa lan ngrasakake lunggube KUNCI- PAWELING – SINGKIR – ASMA lan MIJIL. Ewadene saumpomo buku iki nganti kawaka kadang semita lan nak sanak kang durung dadi Putro (durung manunggal lawan Romo) lumayan kanggo ater ater. Wondene welingku mengkene.”Mahargya banget – nanging aja nganti kasengsem mandeg tekan isine buku iki wahe. Awit iki mung unen unen ora bedo karo kawruh sastra, falsafah liyane kang nuduhake laku SUCi. Sebab buku iki bebasane mung bisa ngandakake gula legi, krambil iku gurih, uyah iku asin. Kang Wigati kudu dibuktekake kepriye tha rasane Legi – gurih – asin mahu. Aja mandek tekan jare lan rasa pangrasa wahe. Wasana mung nyuimanggakake. 

 Ing ngisore wawan sabda dah wenehi sawatara centhang centangan kanggo ater-ater keterangan saperlune. Iki ora baku tembung, mung tafsir. Tafsir bisa uga salah. Nuwun

 

 (Herman Pratikto)